Janji Ingkang Dipun Genepi Pancaran Air Hidup 29 Desember 2025

29 December 2025

Waosan: Yeremia 31 : 15 – 22  |  Pamuji: KPJ. 55
Nats: He bocah wadon kang wangkot isih pira suwene anggonira monga-mangu? Amarga Sang Yehuwah nitahake kang anyar ana ing bumi: wong wadon ngrangkul wong lanang.” (Ayat 22)

“Janji punika utang”, tembung punika salah satunggaling unen-unen paribasa ingkang tegesipun janji ingkang kadamel kagungan kwajiban dipun saur. Ing salebeting janji ingkang kaucap punika wonten raos bingah saha pangajeng-ajeng saking tiyang ingkang nampi janji punika. Bilih janji ingkang kaucap punika saged kalaksanan tamtu kemawon nuwuhaken raos bingah lan tentrem.

Raos bIngah lan tentrem punika dipun alami dening kaluwarga trah Israel, awit Gusti Allah sampun maringi prajanjian enggal, ing pundi bangsa Israel dipun pulihaken. Kisah Rahel kaagem dados contoh bilih Gusti Allah saged mulihaken punapa kemawon. Kita mangertos bilih Rahel punika semahipun Yakub, ibunipun Yusuf lan Benyamin. Kacarios Rahel nangis awit para keturunanipun punika sami kasebar lan mboten wonten ingkang wanuh kaliyan pangandikanipun Gusti Allah (Ay. 15). Nanging Gusti Allah maringi panglipuran dhateng Rahel bilih keturunanipun badhe wangsul malih dhateng griyanipun lan nampi gesang enggal awit mratobat. Wonten lampah gesangipun, bangsa Israel dipun gambaraken kados pedhet ingkang mboten linatih, tegesipun lemah lan asring kawon kaliyan bangsa sanes. Nanging bangsa Israel enggal sadar tumrap dosanipun lan enggal mratobat. Ing ngriku Gusti Allah nampi pamratobatipun bangsa Israel, kados dene tiyang sepuh ingkang tresna lan maringi pangapura dhateng putranipun. Gusti Allah ugi paring piwelas lan nresnani umat-Ipun (Ay. 20). Ing pungkasan bangsa Israel mratobat, Gusti Allah karsa nyawisaken papan panggenan ingkang subur makmur saha mberkahi gesang umat-Ipun.

Gusti Allah sampun njangkepi prajanjian enggal dhateng kita, lumantar prastawa wiyosipun Gusti Yesus wonten ing donya. Punika dados pangajeng-ajeng kita bilih kita nampi kawilujengan saking Gusti Yesus. Samangke sumangga kados dene bangsa Israel ingkang sadar lan mratobat, kita ugi sami ngemudeni dhiri kita saking sadaya tumindak dosa lan panggodha Iblis. Mangga kita sami nindakaken kasetyan ndherek Gusti Yesus lan nindakaken pangandikan-Ipun wonten gesang padintenan kita. Amin. [Ry].

“Anyar uripku, anyar pangertenku lan anyar lakuku sadaya nuladha saking Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak