Janji Pancaran Air Hidup 11 Desember 2025

11 December 2025

Waosan: 2 Petrus 3 : 1 – 10  |  Pamuji: KPJ. 242
Nats: “Pangeran ora mblenjani janjine, sanadyan ana sawenehing wong kang ngarani mblenjani, nanging Panjenengane nyabari kowe, sabab karsane saja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya kabeh wong padha bali sarta mratobat.” (Ayat 9)

Punapa panjenengan nate janji? Tamtu kita sadaya nate janji, janji dhumateng Gusti ugi janji dhumateng sesami. Janji dhumateng Gusti, contonipun nalika kita angkat sidhi, kita janji tansah setya ndherek Gusti. Nalika kita mbaptisaken anak, kita janji gulawentah anak kita punika ing margining Gusti. Mekaten janji dhateng sesami, contonipun janji badhe pepanggihan, janji numbasaken sepeda bilih anak kita minggah kelas, lsp. Pitakenanipun: Punapa kita setya netepi janji kita punika, sae dhumateng Gusti ugi sesami? Nyatanipun manungsa punika asring mblenjani janjinipun. Janji setya dhumateng Gusti Yesus nanging piyambakipun nilar Gusti Yesus karana drajat, pangkat, lan sesemahan. Janji mboten badhe ngimbali malih tumindak awonipun, nyatanipun manungsa asring tumindak awon malih. Mboten kapok!

Waosan kita ing dinten punika nyariosaken bab dinten rawuhipun Gusti. Rasul Petrus nyerat tulisanipun kangge pasamuwan ing Asia Alit, kangge ngengetaken para warga pasamuwan bab dinten rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih. Kapan wancinipun? Mboten wonten setunggal manungsa ingkang sumerep. Nanging para pandherekipun Gusti dipun engetaken supados waspada lan jumaga awit dinten rawuhipun Gusti punika kados dene maling (Ay. 10). Rasul Petrus ugi ngengetaken bilih Gusti Allah mboten nate mblenjani janji-Nipun. Panjenenganipun kepengin supados para pandherek-Ipun punika sami wilujeng lan mratobat (Ay. 9).  Mila ing mangsa para umat ngrantos rawuhipun Gusti Yesus, para umat kedah tetep setya dhumateng Gusti Yesus, sarta tetap kagungan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti Yesus.

Ing mangsa Adven sapunika, kita ugi wonten ing mangsa nganthi-anthi rawuhipun Gusti Yesus. Gusti Yesus sampun rawuh ing donya, sepisan kangge nebus lan birat dosa-dosa kita manungsa. Gusti Yesus rawuh dados juru wilujeng kita para umat-Ipun. Rawuhipun ingkang kaping kalih, Gusti Yesus badhe ngadili kita sadaya. Panjenenganipun badhe ngempalaken para umat ingkang setya lan ngukum para umat ingkang mboten setya. Karana punika, mangga kita sami nyawisaken manah lan gesang kita kangge nyambeti dinten rawuhipun Gusti. Kita tansah ngukuhi janji-Nipun Gusti ingkang badhe ngempalaken kita para pandherek-Ipun ingkang setya. Mangga kita netepi janji kita dhumateng Gusti, kita ugi tansah waspada lan jumaga nganti-anti rawuhipun Gusti. Amin. [AR].

“Gusti Allah mboten nate mblenjani janji-Nipun, mangga dipun tetepi janji-Nipun.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak