Waosan: Lukas 23 : 33 – 43 | Pamuji: KPJ. 111
Nats: “Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe, satemene ing dina iki uga kowe bakal bebarengan karo Aku ana ing Pirdus.” (Ayat 43)
Minggu punika, kita lumebet ing Minggu Kristus Raja. Sacara tata liturgis, Minggu Kristus Raja punika mungkasi urutaning taun liturgi lan minggu ngajengipun kita sampun mlebet mangsa Adven, ingkang dipun wastani wiwitaning taun liturgi enggal. Minggu Kristus Raja punika kagungan makna ingkang ageng, ing pundi para umat dipun ajak lumampah ing peziarahan iman. Umat sami ngakeni lan pitados bilih Gusti Yesus Kristus punika Ratu ingkang badhe rawuh malih, nyatakaken panguwaos lan kamulyan-Ipun ing pungkasanipun zaman. Karana punika para umat kedah nyawisaken manahipun, setya, lan manembah dhumateng Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng Ratu.
Waosan kita dinten punika nyariosaken Gusti Yesus ingkang kasalib. Ing sakiwa tengenipun Gusti Yesus wonten kalih tiyang durjana ingkang ngapit Panjenenganipun. Ing satengahing raos sakitipun Gusti Yesus dedonga, nyuwunaken sih pangapunten kangge para tiyang ingkang nyalibaken Panjenenganipun (Ay. 34). Lajeng satunggaling durjana ingkang sami kasalib kaliyan Gusti Yesus ngucap, “Apa kowe dudu Sang Kristus? Mara, tulungana Awakmu dhewe lan aku kabeh.” Setunggal durjana sanesipun nyauri pangucap rencangipun punika, “Apa kowe ora wedi, uga ora wedi marang Gusti Allah, mangka kowe tampa paukuman padha? Aku lan kowe iku pancen wis sabenere diukum, padha tampa piwales kang murwat karo panggawe kita, bareng Panjenengane iki ora nindakake kaluputan apa-apa.” (Ay. 41). Durjana punika lajeng ngucap, “Dhuh Gusti Yesus, mugi Paduka karsaa ngengeti dhateng kawula, menawi Paduka rawuh ing Kraton Paduka.” (Ay. 42) Saking ngriku Gusti Yesus mangsuli, “Aku pitutur marang kowe, satemene ing dina iki uga kowe bakal bebarengan karo Aku ana ing Pirdus.” (Ay. 43).
Saking waosan kita punika, kita mangertos Gusti Yesus punika Gusti ingkang kebak kawelasan. Panjenganipun karsa ngapunten sakatahing dosa tetiyang ingkang sampun nyalibaken Panjenenganipun sarta tiyang duraka ingkang mratobat. Mekaten ugi Gusti Yesus ingkang dados Ratuning manungsa karsa ngapunten dosa-dosa kita lan nunggil gesang kita angger kita mratobat, ngakeni saha nelangsani sadaya panerak lan dosa kita. Mangga ing Minggu Kristus Raja punika, kita janji setya bekti sarta mbangun turut dhumateng Gusti Yesus. Saestu namung Gusti Yesus Kristus punika Ratuning gesang kita. Amin. [AR].
“Gusti Yesus Kristus punika Ratuing gesang kita ingkang sejati.”