Waosan: Jabur 84 : 9 – 13 | Pamuji: KPJ. 189
Nats: “Amarga Pangeran Yehuwah Allah iku dadi sesurya lan tetameng; Panjenengane maringi sih lan kamulyan; wong kang lakune tanpa cacad ora dicukengi ing bab samubarang kang becik.” (Ayat 12)
Saben tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Allah punika, nggadhah pemanggih ingkang mawarni-warni bab sinten ta Gusti Allah punika? Pemanggih punika dipun wastani teologi operatif, inggih punika cara pandeng tiyang pitados dhumateng Gusti Allah miturut pengalaman imanipun. Contonipun: Gusti Allah punika dipun mastani guru awit piyambakipun rumaos Gusti Allah punika tansah memulang lan gulawentah piyambakipun saben dinten. Wonten ingkang mastani Gusti Allah punika petani awit piyambakipun ngraosaken dipun rimati, dipun gatosaken Gusti Allah, kados pak tani ingkang ngrimati lan gatosaken tanemanipun. Lajeng miturut panjenengan, sinten Gusti Allah punika?
Paseksinipun Juru Mazmur nyebataken Gusti Allah punika sesurya lan tetameng (Ay. 12). Pangaken punika kalandesan kapitadosanipun Juru Mazmur karana Gusti Allah tansah madhangi lampah gesangipun. Piyambakipun saged nindakaken sadaya pakaryanipun awit Gusti Allah nyunaraken Wedananipun, saengga sadaya lampah gesangipun kalaksanan. Mekaten ugi pangaken bilih Gusti Allah punika tetameng, awit Juru Mazmur pitados bilih Gusti Allah badhe nulungi lan nglindungi piyambakipun saking marabaya. Kados tameng ingkang migunani kangge nangkis saking senjatanipun mengsah, mekaten ugi Gusti Allah badhe ngluwari Juru Masmur saking bab ingkang awon. Juru Mazmur ugi pitados bilih namung Gusti Allah kemawon ingkang paring sih rahmat, kamulyan, sarta samubarang ingkang becik dhateng para tiyang pitados ingkang gesangipun tanpa cacad.
Sapunika punapa ingkang dados pangaken kita bab “sinten Gusti Allah punika?” Ing wulan ekumene punika kita saged ngakeni bilih Gusti Allah punika Gusti Katentreman lan Karukunan. Gusti ingkang nuwuhaken raos tentrem lan rukun dhateng manungsa. Manungsa ingkang katitahaken kaliyan maneka warni watak, sikep, tumindak, sadaya saged gesang kanthi rukun lan tentrem bilih ngakeni Gusti Allah punika Gustining Katentreman lan Karukunan. Mila ing wulan ekumene punika, kita dipun timbali kangge mujudaken paseduluran ingkang sejati kaliyan para umat sanesipun. Sampun ngantos kita rumaos paling sae, paling bener, paling pinter piyambak, nanging mangga kita sami ngakeni bilih kita punika winates. Mangga kita mujudaken katentreman lan karukunan ing gesang kita awit Gusti Allah punika Gustining Katentreman lan Karukunan ing gesang kita. Amin. [AR].
“Payo padha ngupaya urip rukun karo pepadha.”