Waosan: Purwaning Dumadi 31 : 43 – 32 : 2 | Pamuji: KPJ. 368
Nats: “Mulane saiki ayo padha gawe prajanjian, aku lan kowe, supaya iku dadia waton ing antarane aku lan kowe.” (31:44)
Ndandosi sesambetan ingkang risak punika salah satunggaling prekawis ingkang kedah dipun upadi salebeting gesang. Kadosdene Gusti Yesus ingkang karsa nglampahi seda kagem ndandosi sesambetan ingkang risak krana dosaning manungsa. Gusti Yesus ngersakaken supados kita tansah ngajeni lan nguri-uri sesambetan kita klayan sesami. Menawi wonten sesambetan ingkang risak, kedah enggal dipun dandosi murih kaayeman lan katentremaning gesang kita.
Sampun dangu Yakub nggadah raos kuciwa dhateng Laban, awit sampun kalih dasa taun Yakub nyambut damel ing dalemipun Laban, sampun kaping sedasa Laban ngewah-ewahi upahipun. (Ay. 41). Kawontenan punika ndadosaken sesambetanipun Yakub kaliyan Laban risak. Wusananipun Yakub kesah saking griyanipun Laban, kanthi mbeta garwa, putra lan sadaya barang darbekipun (Ay. 20-21). Laban mboten mendel, piyambakipun mburu Yakub. Sak sampunipun pitung dinten, kapanggih wonten ing pagunungan Gilead (Ay. 23). Krana panuntunipun Gusti Allah, ing ngriku Yakub lan Laban ndandosi sesambetanipun. Anggenipun ndandosi sesambetanipun, Yakub lan Laban ngawontenaken prajanjian ing ngarsanipun Gusti Allah, ingkang dipun wastani Galed lan Mispah. Piyambakipun nyuwun dhumateng Gusti Allah supados netepi prajanjian punika, supados sadayanipun mboten tumindak awon tumrap satunggalipun. Wusananipun sesambetan Yakub lan Laban kawangun sae, lajeng Yakub ngawontenaken kembul bujana lan saderengipun pepisahan, Laban ngambung lan berkahi para putra lan wayahipun.
Mboten saged dipun selaki bilih wonten ing gesang bebrayatan, pasamuwan, ugi masyarakat, kita asring nggadah sesambetan ingkang kirang sae kaliyan sesami. Kawontenan ingkang kados punika kedah kita dandosi, sampun ngantos prekawis punika dipun umbar. Menawi wonten prekawis ingkang kirang mranani ingkang dipun lampahi dening sesami, kita kedah wantun matur lan rerembagan, satemah kita saged pikantuk solusi lan saged mangertosi kawontenan sesami kita punika. Kanthi mekaten sesambetan kita kaliyan sesami kita saged kawangun sae lan sadayanipun tamtu badhe nuwuhaken kaayeman lan kantentreman wonten ing satengahing gesang kita, sae ing brayat, pasamuwan ugi masyarakat. Amin. [YHS].
“Wantun ndandosi sesambetan minangka tandha dewasaning iman.”