Inspirasi Pancaran Air Hidup 21 September 2025

21 September 2025

Waosan: Lukas 16 : 1 – 13  |  Pamuji: KPJ. 194 : 1, 2
Nats: “Lurahe banjur ngalem marang juru-gedhong kang ora temen iku, marga saka anggone duwe akal kang mangkono iku, sabab para anaking jagad iki tumrap kang tunggal golongan, akale ngluwihi para ahli-warising pepadhang.” (Ayat 8)

Andy F. Noya host acara Kick Andy ing satunggaling wawancara televisi kaliyan Helmy Yahya nate sanjang bilih maos buku punika ageng sanget paedahipun. Andy F. Noya nyariosaken bilih piyambakipun terinspirasi dening Buku ingkang judulipun Wiro Anak Rimba. Wiro satunggiling lare saking keluarga broken home kesah ngembara lajeng mlebet wana ageng ing Kalimantan. Ing satengahing wana piyambakipun srawung kaliyan sato kewan lan pados tedan saking woh-wohan memper-memper cariosipun Tarzan. Saking buku punika Andy F. Noya terinspirasi dados tiyang ingkang wantun berpetualang lan berjiwa heroik. Mboten gampil menyerah salebeting nggayuh pepinginan ingkang dados idham-idhamanipun. Wusana piyambakipun pancen kasil dados tiyang ingkang kawentar ing saindhenging nuswantara.

Kitab Suci punika yektosipun wujuding buku ingkang kebak carios lan piwucal inspiratif. Kados dene waosan dinten punika ingkang nyariosaken juru gedhong ingkang mboten temen pramila badhe dipun pocot dening bendaranipun. Pranyata juru gedhong kalawau mboten kirang akal, pados cara kados pundi sagedipun wilujeng. Lurahipun lajeng ngalembana kanthi dhawuh kados ingkang kaserat ing ayat 8. Ing ngriki, ingkang dipun alembana dening Lurahipun sanes anggenipun mboten jujur nanging anggenipun pinter muter akal, kritis, kreatif, lan inovatif salebeting ngudi kawilujengan. Benten kaliyan para ahli warising pepadhang, amargi sampun kawilujengaken pramila rumaos aman lajeng kendel lan mendel.

Ing wulan Kitab Suci punika sumangga anggen kita nggegilut Kitab Suci sami kita tingkataken. Awit lumantar Kitab Suci ingkang dados sumbering kaleresan punika kita saged angsal piwucal lan pitedah ingkang sae. Malah mboten namung kita gegilut, nanging Kitab Suci ugi kedah kita wujudaken wonten ing pitembungan lan pandamel nyata. Kitab Suci saged ta dados inspirasi wonten ing gesangipun para tiyang pitados. Kanthi makaten gesanging umat kagunganipun Gusti saged kados dene video youtube ingkang nyariosaken pakaryanipun Gusti, ingkang saged dipun tingali dening tiyang kathah minangka paseksi ing satengahing jagad. Amin. [esje].

“Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakbehing sabda kang miyos saka lesaning Allah. ”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak