Putra Prasetyan Pancaran Air Hidup 7 Agustus 2025

7 August 2025

Waosan: Rum 9 : 1 – 9  |  Pamuji: KPJ. 99
Nats: “Tegese: Dudu para anak kang miturut ing daging kang dadi para putrane Gusti Allah, nanging para anak prasetyan kang kaetang dadi turun kang sah.” (Ayat 8)

Tamtunipun sedaya tiyang nate nampi hadiah. Sae hadiah ingkang biasa-biasa kemawon utawi hadiah ingkang aji sanget. Lajeng, kados pundi raosipun nampi hadiah? Tamtunipun bingahaken sanget. Sedaya tiyang tamtu bingah nalika nampi hadiah wonten ing gesangipun. Kabingahan punika mboten namung kalampahan ing pigesanganipun lare-lare alit ananging ingkang diwasa utawi sepuh ugi ngraosaken bingah bilih nampi hadiah. Punapa malih hadiah punika saking prekawis ingkang mboten nate dipun ajeng-ajeng utawi mboten nate dipun angen-angen. Estu, punika ndadosaken prekawis ingkang mbingahaken lan aji sanget.

Kawontenan kita dados umat kagunganipun Gusti Yesus punika ugi saged kawastanan kados dene tiyang ingkang nampi hadiah ingkang aji punika. Kita ingkang miturut daging mboten wonten gegayutanipun kaliyan bangsa Israel ananging saged nampi kawilujengan saking pangurbananipun Sang Kristus. Punika kalampahan amargi kita kasebat para “putra prasetyan.” Kados dene ingkang dipun wartosaken rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Rum, bilih ingkang kasebat dados para putranipun Gusti Allah punika mboten namung ingkang miturut daging ananging ugi para tiyang ingkang kasebat dados putra prasetyan. Rasul Paulus negesaken bilih sih kamirahaning Gusti Allah mboten namung kaparingaken dhateng tedhak turuning bangsa Israel sacara kajasmanen kemawon, ananging ugi kapirangaken dhumateng sedaya tiyang miturut kaliyan karsanipun Gusti. Punika ndadosaken kita umatipun Gusti Yesus Kristus ing zaman samangke kawastanan nampi hadiah ingkang aji.

Punapa ingkang sampun kita tampi saking Sang Kristus, nggih punika hadiah kawilujengan. Swawi kita jagi lan kita simpen wonten ing salebeting manah kita. Sampun ngantos sih kamirahaning Gusti Yesus punika dados nglaha tanpa gina awit kita mboten setya tuhu dhumateng Panjenenganipun. Kita para umat kagunganipun Gusti Yesus sampun nampi tebusan ingkang sejatos lumantar Rah lan Sariranipun Sang Kristus. Mangga kawilujengan saking Gusti punika tansah kita sukuri, sampun ngantos ical saking pigesangan kita. Amin. [DAR].

“Rahayu wong wedi asih mring Gusti Allah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak