Waosan: Pangandharing Toret 12 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 386
Nats: “Aja padha duwe pratingkah kaya kang padha kita lakoni ana ing kene ing dina iki, yaiku saben wong padha nindakake kang diwawas bener.” (Ayat 8)
Minangka tiyang sepuh ingkang gesang ing adat kabudayan katimuran, tamtu kita nggadhahi pangajeng-ajeng putra-putri kita saged dados lare ingkang mangertosi lan nindhakaken tata krama gesang kanthi sae. Tata krama ingkang mranata kados pundi lare punika mangun pasrawungan kaliyan sesaminipun. Tata krama punika kados ta: purun ngaturaken kula nuwun bilih mertamu dhateng tiyang sanes, ngaturaken panuwun saksampunipun nampi pambiyantu, ngginakaken tangan tengen nalika mundhut utawi nampi barang peparingipun tiyang sanes, lan mawarni-warni tata krama sanesipun.
Kados dene tiyang sepuh ingkang paring pepeling dhateng putra-putrinipun bab tata kramaning gesang, mekaten ugi Nabi Musa paring pepeling dhateng bangsa Israel kados pundi bangsa Israel kedah nglampahi gesang nalika ndherek ngetut wingking Sang Yehuwah. Ing waosan dinten punika, cetha sanget punapa ingkang dipun ngendikakaken dening Nabi Musa supados umat kagunganipun Gusti mbangun turut punapa ingkang dipun karsakaken Gusti. Bangsa Israel puruna ngabekti dhumateng Gusti ing papan pamujan ingkang sampun katamtokaken. Kajawi saking punika, Nabi Musa ngengetaken bangsa Israel supados mboten nggadhahi pratingkah bener miturut pemanggihipun piyambak. Bangsa Israel kasuwun mangun gesang pasrawungan kaliyan para sedherek lan brayat kanthi rukun.
Kita ugi mireng tata krama: “Purun ngalah senaosna piyambakipun mboten salah.” Pasinaon bab punika asring kita mireng lumantar tetembungan, “Aja padha rebutan bener, nanging padha rebutana salah.” Lumantar tetembungan punika, para sepuh nggadahi pangajeng-ngajeng supados sedaya anak-putunipun purun legawa mapanaken gesangipun wonten ing papan ingkang asor, purun ngalah senaosna piyambakipun nggadhahi kasagedan kangge menang. Para sepuh tamtunipun sampun pirsa lan sampun ngalami piyambak, kados pundi kahananipun nalika tiyang mboten purun ngalah lan namung rebutan bener, tamtu lampah gesangipun namung eker-ekeran, gontok-gontokan, lan wusananipun ndadosaken crahipun gesang sesrawungan. Mugi kita katebihaken saking bab punika. Amin. [YEP].
“Sinau tata caranipun gesang saged ndhatengaken rejeki, sinau tata kramanipun sesrawungan saged ngraketaken paseduluran.”