Gematos Pancaran Air Hidup 21 Juli 2025

21 July 2025

Waosan: Pangentasan 18 : 1 – 12  |  Pamuji: KPJ. 357
Nats: ”Aku, Yitro, mara-tuwamu, teka mrene tilik sliramu karo kang rayi lan kang putra-putra.” (Ayat 6b)

Sesambetanipun marasepuh kaliyan putra mantu punika kedahipun rukun lan harmonis. Satunggal kaliyan satunggalipun kedah silih nandukaken sih katresnan saha pikurmat. Ingkang enem ngaosi ingkang sepuh, dene ingkang sepuh gematos dhateng ingkang enem. Ewa semanten saged ugi ingkang kelampahan malah kosok wangsulipun, ingkang sepuh kepingin dipun urmati nanging rumaos mboten dipun urmati, ingkang enem kepingin dipun aosi nanging rumaos dipun remehaken. Pungkasanipun nuwuhaken kawontenan ingkang mboten harmonis antawisipun marasepuh kaliyan putra mantu kalawau. Amargi sami rebatan pikurmat, mbujeng leresipun piyambak, lan mboten wonten ingkang purun ngawon temah kawontenanipun brayat ageng lajeng tebih saking pirukun lan katentreman.

Nanging mboten makaten menggah kawontenaning brayatipun Bapa Yitro. Sanadyan piyambakipun paraga sepuh nanging mboten ngekahi kalenggahanipun lan mbujeng pikurmat. Katitik ing satunggaling dinten piyambakipun kersa ngrawuhi papan panggenanipun Musa, putra mantunipun, saperlu ngeteraken yoga lan wayah wangsul dhateng griyanipun. Makaten ugi Musa, piyambakipun mapagaken rawuhipun bapa marasepuh kanthi kebak raos pikurmat. Ingkang langkung mbingahaken malih, pepanggihan punika dipun isi pirembagan bab pakaryanipun Gusti Allah. Musa nyariosaken sedaya ingkang dipun alami nalika Gusti Allah nuntun lan ngluwari tiyang Israel saking wewengkonipun bangsa Mesir. Imam Yitro rena panggalipun mirengaken sedaya carios punika. Saiba nengsemaken kawontenanipun brayat punika, katingal rukun lan tansah ngluhuraken asmanipun Gusti Allah.

Ing Pekan Adi Yuswa punika sumangga kita, mliginipun para sepuh, sami pinter ngemong lan nresnani para putra wayah, kalebet dhateng putra-putri mantu. Kita mboten sisah remen ngekahi kalenggahan kita minangka tiyang sepuh ingkang kedah dipun urmati dening ingkang enem. Nanging saged ta dados priyantun sepuh ingkang linuber ing katresnan temah kuwawi nandukan raos gematos dhateng para putra wayah kita. Satemah brayat kita saged dados paseksi ingkang endah tumrap sinten kemawon ingkang ningali. Piwucal saking Kitab suci saha pangibadah kita ing greja, kita tedahaken wohipun ing satengahing bale griya kita. Amin. [esje].

“Menawi kita sopan, tiyang sanes badhe sungkan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak