Waosan: Jabur 66 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 32
Nats: “Kamulyane asmane padha kidungna, Panjenengane luhurna kalawan pepujian!” (Ayat 2)
Kita tamtu mengertos maceming kidung pepujian ingkang kaagem kangge mangun pangabekti. Mbok menawi panjenengan nggadhah sedaya kidung-kidung pepujian punika, kados Mazmur lan Nyanyian Rohani, Kidung Jemaat, Pelengkap Kidung Jemaat, Kidung Pasamuwan, Kidung Pasamuan Kristen, Kidung Pasamuwan Jawi, lan ugi Kidung Kontekstual. Salintunipun kidung-kidung pepujian punika taksih wonten malih pepujian rohani sanesipun ingkang gampil kita panggihaken ing media sosial. Jaman ingkang sangsaya majeng kados samangke, ndadosaken kita sansaya gampil sinau pujian-pujian punika. Kita saged mbikak media sosial, umpaminipun aplikasi Alkitab lan Youtube, lajeng sinau kados pundi kita ngidungaken salah satunggaling lagu saking pepujian punika.
Memuji asmanipun Gusti punika dados prekawis ingkang wigatos sanget kangge para tiyang pitados. Kados ingkang kaserat ing kitab Jabur 66:2, “Kamulyane asmane padha kidungna, Panjenengane luhurna kalawan pepujian!” Kala semanten umat Israel sami kaajak memuji asmanipun Gusti, awit pakaryan agung saking Gusti Allah ingkang sampun katumrahaken kangge umat Israel, inggih punika pangluwaran saking tanah Mesir. Menawi umat Israel ngraosaken pakaryan agung kados mekaten, tamtu kita, para umatipun Gusti ing jaman samangke ugi ngraosaken pakaryan-pakaryan agung saking Gusti Allah ing salebeting pigesangan kita.
Lantaran Sang Juru Mazmur, kita sami dipun engetaken supados kita sami memuji lan ngluhuraken Asmanipun Gusti. Memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti punika minangka wujuding saos sokur kita dhumateng Gusti, awit pakaryan agung-Ipun ingkang tansah kita raosaken ing pigesangan kita sadinten-dinten. Ing jaman ingkang sansaya majeng samangke, tamtu mboten ewet kangge kita manggihaken kidung pepujian punika, sae arupi buku, mekaten ugi sacara “digital” ingkang kacawisken ing media sosial. Mangga kita sami memuji Gusti kanthi semangat. Kita kidungaken pamuji sokur konjuk dhumateng Gusti. Kita raosaken berkah dan kasetyanipun Gusti dhateng kita lumantar kidung ingkang sami kita pujekaken. Sugeng memuji Asmanipun Gusti. Amin. [SWT].
“Swawi sami muji Allah, Pangeran, Mahawlas.”