Waosan: Galati 4 : 8 – 20 | Pamuji: KPJ. 457
Nats: “Para sadulur, panjalukku marang kowe, kowe padha dadia kaya aku, sabab aku uga wus dadi padha kaya kowe. Durung tau kowe kaluputan marang aku.” (Ayat 12)
“Isih sok kelingan, kabeh kenangan sing tau dilakoni, kebayang-bayang nganti kegowo ngimpi” punika sekedik petikan saking lagu ingkang judulipun “Dumes”. Lagu punika nyariosaken tiyang ingkang sampun cedak kaliyan lare ingkang dipun taksir ananging mboten saged nggadhahi. Mekaten ugi asring, punapa ingkang dados pangajeng-ajeng kita wonten lampah gesang punika mboten sadaya saged kelampahan kados pangajeng-ajeng kita. Kados lagu kalawau, kepinginipun gesang sesarengan nanging nalika sampun celak malah pisah.
Waosan kita nyariosaken pasamuwan ing Galatia ingkang dipun gulawentah dening Rasul Paulus. Ananging punapa ingkang sampun dipun wucalaken Rasul Paulus dhateng pasamuwan Galati punika wekasanipun mboten kados pangajeng-ajeng Rasul Paulus. Pasamuwan Galati punika taksih dawah ing pacoban lan malah ugi nilaraken iman kapitadosan dhumateng Gusti Yesus. Senadyan Rasul Paulus sampun rumaos celak lan nggangep sadulur dhateng warga pasamuwan Galati (Ay. 12), ananging punapa ingkang dipun tindakaken dening pasamuwan Galati punika ndadosaken kuciwanipun Rasul Paulus. Senadyan kuciwa Rasul Paulus tetap setya martosaken Injil dhateng pasamuwan Galati.
Wonten gesang kita, tamtu kathah tantangan kangge kita nguri-uri iman kapitadosan kita dhumateng Gusti Yesus. Bilih ngantos sapunika kita tetap setya ndherek Gusti Yesus, kita kedah enget bilih punika karana piwucal dan panggulawentah saking tiyang sepuh kita, majelising pasamuwan lan sadaya tiyang ingkang sampun martosaken Injil dhateng kita. Iman kita kedah kiyat, supados kita saged tatag ngadepi gesang ingkang kebak tantangan punika. Panggodha lan pacoban ing donya kados bandha donya, drajat, kalenggahan punika saged nglemahaken iman kita. Awit saking punika, kita kedah waspada, sampun ngantos kita dawah, lajeng nilaraken Gusti Yesus. Sumangga kita ngupaya mbangun iman lan kapitadosan dhumateng Gusti Yesus ingkang kiyat lan kita tansah setya ndherek Gusti Yesus. Amin. [BWP].
“Kula sestu ndherek Gusti ngantos slami-laminya, martosaken Injil Suci, dimen samya waluya.”