Waosan: 1 Korinta 1 : 18 – 31 | Pamuji: KPJ. 369
Nats: “… supaya aja ana manungsa sijia bae kang gumunggung ana ing ngarsane Gusti Allah.” (Ayat 29)
“Aja adigang, adigung, adiguna”, punika salah satunggaling paribasan Jawi ingkang ngemutaken kita supados kita saged njagi tumindak kita lan sampun ngantos kita namung ngendelaken kakiyatan, kalenggahan, panguwaos, kapinteran, kaprigelan, bandha donya kita piyambak. Kenging punapa? Awit sadaya ingkang sampun kasebataken kalawau sejatosipun namung “titipan utawi amanah” saking Gusti Allah. Pramila, kita kedah sadar lan mawas dhiri.
Ing pasamuwan Korintus kathah tiyang pinter lan wicaksana. Wonten tiyang Yunani ingkang gumunggung ngendelaken bab “pengetahuan lan filsafat” ingkang sumberipun saking nalar lan akal pikiranipun manungsa. Wonten malih tiyang Yahudi ingkang ngandelaken angger-anggering Toret, adat-istiadat lan tradisidipun. Ewosemanten, punapa tiyang Yunani lan Yahudi punika saged mangertos bab salib lan Injil Kristus? Mboten. Tiyang Yunani mboten pitados bab salib lan wungunipun Gusti Yesus Kristus. Semanten ugi tiyang Yahudi, mboten pitados bilih Gusti Yesus minangka Sang Masih ingkang kedah nglampahi seda wonten ing kajeng salib. Pramila, wonten ing waosan punika, rasul Paulus negesaken dhumateng pasamuwan Korinta bilih Injil lan pakaryanipun Allah mboten gumantung saking manungsa. Pakaryanipun Gusti Allah mboten saged dipun nalar dening kakiyatan lan kawasisanipun manungsa. Ananging sadaya kadasaraken dening kawicaksananipun Gusti Allah piyambak. Milanipun rasul Paulus ngemutaken supados mboten wonten satunggal manungsa ingkang gumunggung wonten ing ngarsanipun Gusti Allah.
Saking waosan punika sumanga kita tansah ngegungaken panguwaos, pakaryan, lan kawicaksananipun Gusti Allah ing sauruting gesang kita. Kita tansah andhap asor sinaosa kita punika kagungan kakiyatan, kalenggahan, panguwaos, kapinteran, kaprigelan, lan bandha donya. Mekaten ugi kita tansah eling lan waspada bilih kakiyatan, kalenggahan, panguwaos, kapinteran, kaprigelan, bandha donya ingkang kita darbeki punika mboten langgeng. Namung sih katresnanipun Gusti Allah piyambak lumantar pangorbananipun Gusti Yesus Kristus wonten kajeng salib ingkang langgeng ing salebeting gesang kita. Mila “aja gumunggung”. Amin. [G-Mbul].
“Gusti Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, Nanging paring sih rahmat marang wong kang andhap asor. “ (1 Petrus 5:5)