Waosan: Jabur 22 : 20 – 29 | Pamuji: KPJ. 78
Nats: “Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg, wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane; atimu cikben urip ing salawase!” (Ayat 27)
Musik punika satunggaling piranti ingkang saged kita agem kangge ngaturaken ungkapan dhiri, gagasan, utawi raos kita lumantar unsur-unsur utaminipun, kados irama, melodi, harmoni, lan ekspresi. Wonten ing tradisi Kristen, musik mboten nate pisah saking ekspresi iman kita, kados ta lumantar kidung pasamuwan, iringan wekdal ening, utawi ekspresi musik sanesipun. Srana pepujian kidung pasamuwan kita saged manggihaken ungkapan kabingahan, pangraos lega, lan panuwun.
Wonten ing Sabdanipun Gusti dinten punika, dipun-gambaraken satunggaling kidung saking juru masmur ingkang ngungkapaken babagan iman lan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti. Ing satengahing sangsara lan ajrih ingkang dipun alami, juru masmur ndedonga dhumateng Gusti. Piyambakipun nyuwun supados Gusti Allah nulungi lan maringi kamenangan nglawan mengsah ingkang dipun-gambaraken kados pedhang, cangkeming singa, lan tandhuk sapi jaler. Kanthi tembung-tembung ingkang endah, juru mazmur ugi nyatakaken kapitadosanipun bilih Gusti Allah ingkang Maha Kuwasa badhe maringi pitulunganipun. Karana punika, juru mazmur memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti. Piyambakipun pitados bilih Gusti mboten badhe nilar umat-Ipun, lan saben tiyang ingkang ajrih dhumateng Panjenenganipun badhe pikantuk karahayon. Wonten ing satengahing kahanan ingkang ngegirisi lan mbebayani, juru mazmur tetep ngugemi iman lan tansah memuji Asmanipun Gusti. Musik lan kidung dados piranti kangge ngaturaken ungkapan imanipun punika.
Saking punapa ingkang dipun alami dening juru masmur punika, kita saged ngresepi menawi musik lan kidung saged dados sarana ngungkapaken ekspresi iman kita. Memuji Gusti mboten namung nalika kita seneng lan gumregah kemawon, nanging ugi wonten ing kahanan ingkang abot lan kebak prekawis, saengga kita tansah saos sokur dhumateng pakaryanipun Gusti wonten ing gesang kita. Tanggal 21 Juni dipun mangertosi minangka Hari Musik Sedunia. Sumangga kita ngaturaken panuwun bilih Gusti Allah paring wekdal supados kita saged mangertosi musik lan kidung. Kita ugi atur panuwun bilih kanthi sarana musik lan kidung punika, kita saged ngaturaken maneka pangraos kita dhumateng Gusti. Sugeng memuji Gusti. Amin. [dvd].
“Memuji Gusti rina lan wengi minangka wujuding bakti ingkang prayogi.”