Ringkih Nanging Saged Makarya Pancaran Air Hidup 29 Mei 2025

29 May 2025

Waosan: Lelakone Para Rasul 1 : 1 – 11  |  Pamuji: KPJ. 448 : 1
Nats: “Sabab Yokanan iku anggone mbaptis nganggo banyu, nanging ora suwe maneh kowe bakal padha kabaptis kalawan Roh Suci.” (Ayat 5)

Wonten warga pasamuwan ingkang nggadah talenta main alat musik, khususipun piano. Bapak punika dados organis wonten ing greja lan sampun asring dipun tanggap dados pianis ngiringi pepujen wonten ing pundi-pundi. Ing satunggaling dinten bapak punika ngalami kecelakaan wonten ing pabrik, ingkang nyebabaken drijinipun risak. Nanging nalika piyambakipun ngalami musibah ingkang mboten gampil, piyambakipun taksih saged makarya kangge ngiringi musik. Sanadyan drijinipun mboten utuh malih, piyambakipun taksih tetep semangat ngiringi pepujen wonten ing greja lan ing pundi-pundi. Kunci semangatipun inggih punika imanipun dhumateng Gusti. Piyambakipun pitados bilih piyambakipun tetep saged makarya karana Gusti Allah piyambak ingkang paring kasagedan.

Waosan kita ing dinten punika nyariosaken Gusti Yesus ingkang paring janji bilih Roh Suci  badhe rawuh wonten ing dhirinipun para rasul. Gusti Yesus janji maringaken Roh Suci punika supados para rasul saged makarya mujudaken Kratoning Allah ing alam donya punika. Gusti Yesus mangertos bilih para rasul punika namung manungsa limrah ingkang mboten saged lepas saking kalepatan lan nggadhahi kathah kakirangan. Pramila lumantar Sang Roh Suci, para rasul punika dipun pimpin lan dipun tuntun supados saged makarya mbangun patunggilanipun tiyang pitados wonten ing bumi.

Kita saged sinau saking para rasul bilih kita punika mboten benten kaliyan para rasul ingkang namung manungsa limrah lan nggadhahi kathah kakirangan. Nanging sami kaliyan para rasul ingkang nampi Roh Suci, kita ugi kaparingan Roh Suci punika. Gusti Allah sampun maringaken Roh Suci dhateng kita sadaya supados kita saged setya dhumateng Gusti. Nalika kita tebih saking kasampurnan lan asring nindakaken kalepatan, Gusti Allah ngersakakaen kita tetep makarya nindakaken karsanipun Gusti. Ing gesang padintenan, kita saged mujudaken pakaryanipun Gusti Allah, contonipun  kita mitulungi tiyang ingkang mbetahaken pitulungan. Kita nindakaken paladosan wonten ing greja miturut talenta lan bakat kita. Sumangga kita sami nindakaken ayahan kita kanthi setya tuhu dhumateng Gusti. Mangga kita tansah makarya mujudaken Kratoning Allah ing satengahing donya punika. Amin. [GSC].

“Payo tansah makarya supados gesang kita tansah migunani!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak