Waosan: Jabur 30 : 1 – 13 | Pamuji: KPJ. 133
Nats: “Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, he para wong kang dikasihi, sarta padha nyaosna pamuji sokur marang asamane kang suci!” (Ayat 5)
Wonten paribasan ingkang mekaten: “Pengalaman punika guru ingkang aji.” Tegesipun kita saged sinau maneka werni prekawis saking pengalaman gesang ingkang kita alami saben dinten. Saking pengalaman ingkang sae lan endah, kita saged sinau saos sokur dhumateng Gusti Allah awit saged ngraosaken lan ngalami pengalaman ingkang sae lan endah punika. Kosokwangsulipun, saking pengalaman ingkang awrat lan kebak kasangsaran, kita saged sinau bab mantep ing kapitadosan dan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti Allah. Pengalaman ingkang awrat lan kebak kasangsaran punika dadosaken iman kita sansaya tuwuh dan diwasa. Kita mboten gampang nyerah anggenipun ngadepi maneka werni kasangsaran ing gesang. Kita tansah pasrah lan setya dhumateng Gusti, awit saking pengalaman punika kita saged sinau punapa ingkang dados karsanipun Gusti kangge gesang kita.
Waosan kita ing dinten punika, nyariosaken paseksinipun Sang Juru Mazmur anggenipun ngraosaken pakaryan lan pitulunganipun Gusti Allah ing gesangipun. Kasebataken Sang Juru Mazmur tansah ngluhuraken Gusti Allah ingkang sampun ngentasaken piyambakipun (Ay.2). Nalika Sang Juru Mazmur sesambat nyuwun tulung, Gusti Allah karsa mirengaken lan nyarasaken piyambakipun (Ay. 3). Mila piyambakipun tansah memuji lan ngidungaken mazmur sokur kagem Gusti (Ay. 5). Juru Mazmur ugi tansah martosaken kasetyanipun Gusti dhumateng para umat sanesipun. Namung Gusti Allah kemawon ingkang dados sumbering pitulungan saha kabingahan (Ay. 11).
Ing pekan sokur YBPK punika, kita dipun engetaken supados gesang kita kebak ing panuwun lan saos sokur dhumateng Gusti Allah. Kados Sang Juru Mazmur ingkang purun sinau saking pengalaman gesangipun sinarengan kaliyan Gusti Allah, mangga kita ugi tansah mandeng Gusti Allah ing sadengah kahanan ingkang kita adepi. YBPK ingkang dipun agem Gusti dados sarana kesaksian, ugi sinau saking pengalaman gesang ingkang sampun kelampahan. Ing kahanan bingah lan sisah, gagal lan kasil, sadaya punika nuwuhaken pengajeng-ajeng bilih Gusti tansah nganthi YBPK lan gesang kita. Swawi kita sami sinau saking pengalaman gesang kita, kita nyuwun kakiyatan lan kawicaksanan saking Gusti supados kita mangertos punapa ingkang dados karsanipun Gusti ing gesang kita. Amin. [AR].
“Sinau saking pengalaman gesang punika nuwuhaken pengajeng-ajeng dhumateng Gusti.”