Muntab Pancaran Air Hidup 5 Desember 2023

5 December 2023

Waosan: Wahyu 18 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 222
Nats: “Amarga dosane wus ngundhung-undhung kongsi sundhul ing langit, lan Gusti Allah wus ngengeti ing sakehe pialane.” (Ayat 5)

Bapak: “Le … apa sing mbok lakoni kui luput lan marakne gela-kuciwane kabeh, apa sing kaya mangkono iku sing diarani pandhereke Gusti?”
Putra: “Nggih bapak, kula ngaku lepat awit punapa ingkang kalampahan, kepareng bapak paring pangapura lan maringi wekdal saperlu kula mranata gesang.”
Bapak: “Iya, tatanen uripmu supaya tansaya becik!”

*******

Bapak: “Le … kok panggah mbok baleni apa kang dadi tumindakmu iku, apa kowe wis lali?”
Putra: “Nggih bapak ngapunten sanget, kula lepat lan dhawah malih, nyuwun pangapunten nggih pak.”
Bapak: “Iya le … tenan ya aja mbok baleni maneh, apa sing mbok lakoni iku marakne Gusti kuciwa.”

*******

Bapak: “Kok tetep ae sing mbok lakoni kuwi le, wus cukup, apa kandhamu sing jare arep nata urip kaya-kaya babar pisan ora mbok lakoni. Saiki bapak wus ora isa apa-apa, tampanana apa kang dadi wohing tumindakmu iku, wektu sing wus diparingne marang kowe kaya-kaya ora mbok alami kanthi wicaksana!”

Sesambetan muntabing bapak marang kang putra ing inggil ugi kacariosaken ing Wahyu 18:1-10. Gusti Allah paring paukuman dhateng Babil awit kahanan gesang ingkang tansaya dinten tansaya rusak lan tebih saking punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Kahanan punika cetha kapirsananan nalika papan punika dados punjering roh kang najis, papan ingkang kebak hawa-nepsu, sadaya dosa kalawau tansaya nglumpuk saben wektu. Babagan punika ingkang ndadosaken Gusti Allah ‘muntab’ lan paring paukuman.

Ing babagan sanes, Gusti Allah ugi ngandika supados kita ingkang taksih midhangetaken dhawuh-Ipun supados nyingkiri kahanan ingkang kebak dosa sarta gesang miturut karsanipun Gusti. Lampah gesang ingkang taksih kaparingaken dhateng kita punika, saestu prelu kita tliti kanthi ngati-ati! Punapa wekdal ingkang taksih kaparingaken ndadosaken lampah gesang kita tansaya ngener marang Gusti? Punapa lampah gesang kita punika malah dhawah ing babagan kaluputan ingkang sami? Ayo kita sami ngati-ati, sampun ngantos Gusti Allah muntab dhateng kita! Amin. [gus].

“Aja gawe gelaning ati, luwih-luwih ing ngarsane Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak