Meleka! Pancaran Air Hidup 3 Desember 2023

3 December 2023

Waosan: Markus 13 : 24 – 37 | Pamuji: KPJ. 447 : 1, 2
Nats: Sing padha ngati-ati lan tansah padha meleka!” (Ayat 33a)

Pagebluk Covid-19 nedahaken dhateng kita wontenipun 3M (memakai masker, menjaga jarak, mencuci tangan). Lumantar 3M kalawau, saben tiyang kasuwun njagi kesehatanipun piyambak-piyambak, supados boten gampil sakit awit kenging virus Covid-19. Kajawi njagi kesehatan jasmani, ugi dipun betahaken sikep ngati-ati, lan melek ngadepi ancaman bebaya karohanen. Sabda pangandikanipun Gusti ing dinten punika ngengetaken kita bilih kita kedah melek, sadar, jumaga awit panggoda tansah nempuh gesang kita. Kita boten sumerap kapan bebaya punika badhe nempuh kita. Pramila wigatos sanget prentahipun Gusti Yesus, Sing padha ngati-ati lan tansah padha meleka!” Makaten ugi ing bab rawuhipun Putraning Manungsa, boten wonten ing antawis kita ingkang nyumerepi kapan wancinipun.

Supados kita kiyat lan rosa ngadepi sadaya samukawis ingkang kadadosan ing gesang, kita kedhah latihan dados tanggon ing bab iman kapitadosan dhumateng Gusti. Bilih kita boten purun latihan tanggon, mesthi kita badhe sansaya ringkih lan kewetan ngadepi prekawis gesang ingkang awrat. Pramila kita kedah ngulinakaken jumaga kanthi tumemen. Boten pareng lena awit Gusti Yesus piyambak sampun paring tuladha anggenipun ngadepi sadaya samukawis ing gesangipun kanthi dedonga dhumateng Sang Rama. Sarana rumaket lan nyatunggil kaliyan Sang Rama, Gusti Yesus saged tanggon ngadepi sadaya prekawis. Gusti Yesus tansah ngandelaken kakiyatanipun Gusti Allah Sang Rama.

Ingkang dados pitakenanipun, kadospundi cara kita ngugemi gesang ingkang tansah jumaga? Sumangga kita tansah sregep ndedonga supados Gusti Allah piyambak ingkang kuwaos ing satengahing gesang kita. Sanadyan kita boten nate sumerap kapan dinten rawuhipun Gusti, kapan bebaya badhe nempuh kita, ananging bilih kita setya jumaga, Gusti tansah dedalem ing gesang kita. Ing wekdal punika kita lumebet ing mangsa Adven, sikep gesang ingkang kadospundi ingkang badhe kita pisungsungaken kagem Gusti? Sumangga kita sami sadar lan setya jumaga, supados kita sansaya tanggon anggen kita ngantebi iman kapitadosan kita ndherek Gusti Yesus. Sugeng jumaga lan dados pribadi tanggon. Amin. [Life].

 “Sing jumaga ora bakal katiwasan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak