Ayo Padha Ngabekti Marang Pangeran Yehuwah Pancaran Air Hidup 25 November 2023

25 November 2023

Waosan: Jabur 95 : 1 – 7a | Pamuji : KPJ.­­­­­­­­­­­­­­­­­­­­ 320 : 1 – 4
Nats: “Ayo padha surak-surak ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, surak-surak kagem Paranging karahayon kita.” (Ayat 1)

Nalika dipun ajak ngabekti, kados pundi wangsulan panjenengan? Mendel kalih nggujeng, punapa purun ndherek? Ngabekti punika tumindak sae. Kasaenan punika kedah dipun wucalaken dhateng sinten kemawon supados saged katanem lan dados padhatan utawi pakulinan, matemah ngabekti punika saged dados budaya ingkang sae ing satengahing lingkungan kita, paling mboten ing salebeting brayat kita. Salah satunggaling wujud nanemaken kasaenan inggih lumantar ajakan kangge nglampahi kasaenan punika. Tamtunipun ajakan punika mboten srana meksa tiyang, supados kasaenan punika katindakaken, nanging srana kesadaran lan eklasing manah.

Waosan kita nyariosaken pangajaking Juru Mazmur kangge ngabekti kanthi tumemen dhumateng Pangeran Yehuwah, surak-surak, ngunjukaken kidung pamuji sokur, lan tumungkul sujud dhumateng Panjenenganipun. Kenging punapa Juru Mazmur ngajak kita kangge ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah? 1. Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah ingkang agung sarta Raja Agung ingkang ngungkuli sakehing allah (Ay. 3). Gusti Allah punika ingkang kagungan panguwaos lan kakiyatan, mboten wonten allah sanes ingkang saged ngungguli sadaya panguwaos lan kakiyatanipun Gusti Allah punika. Awit Panjenenganipun ingkang sampun nitahaken langit, bumi dalasan isinipun, ingkang kagungan sadaya titahipun punika. (2) Panjenenganipun punika Allah kita (Ay. 7a). Gusti Allah punika mboten namung nitahaken manungsa, lajeng dipun tilar. Mboten. Panjenenganipun ugi ngengèn, ngrimati, lan paring kacekapan tumrap sadaya kabetahan kita. Awit saking punika sampun samesthinipun kita punika ngabekti sarana sujud dhumateng Gusti Allah. Sujud punika minangka tanda urmat, andhap asoring manah, lan kasetyan ing ngarsanipun Gusti Allah.

Pangajak kangge ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah punika ugi sae kangge kita, supados kita tansah enget lan ngrumaosi kawontenanipun Pangeran Yehuwah. Kita enget lan ngraosaken bilih Gusti Allah punika mboten namung ingkang nitahaken, nanging ugi Gusti ingkang ngrimati lan nyekapi kabetahan gesang kita, matemah kita saged dados pribadi ingkang lembah manah lan mboten gumunggung. Awit saking punika, sumangga kita nglampahi sarta ngajak anak-anak, semah ugi brayat ageng kita, nindakaken pangabekti kanthi estu, matemah punika saged dados padatan lan ndadosaken kita mangun kabudayan ingkang sae lumantar brayat kita. Amin. [nn].

“Kasaenan ingkang dados padhatan saget mangun pigesangan sangsaya sae.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak