Padatan Pancaran Air Hidup 9 November 2023

9 November 2023

Waosan: Wahyu 8 : 6 – 9 : 12 ǀ Pamuji: KPJ. 124 : 1 – 2
Nats: “Malaekat kang kapisan banjur ngungelake kalasangkane, tumuli ana udan es lan geni, campur getih lan kabeh mau katibakake ing bumi, …” (Ayat 7)

Maos kitab Wahyu punika asring ndadosaken kita rumaos ajrih. Punapa ingkang badhe kelampahan pancen prekawis ingkang nggegirisi, inggih punika nalika kalasangka sampun kaungelaken. Kula inggih sarujuk sampun ngantos prekawis nggegirisi punika kelampahan ing jagat. Nanging sadaya punika menawi Gusti Allah sampun ngersakaken lan sampun wekdalipun pancen mboten saged dipun alang-alangi.

Waosan kita ing wanci punika nyariosaken bab malaikating Allah ingkang ngasta kalasangka. Punapa ingkang badhe kadadosan menawi kalasangka punika kaungelaken? Sepisan, badhe wonten jawah es lan geni ingkang campur rah. Kaping kalih, badhe wonten gunung ageng ingkang murub lajeng lumebet ing seganten, wusananipun saprotelon seganten dados getih, saprotelon ulam pejah mekatena prau-prau badhe risak. Prekawis punika ngengetaken kita bilih jagad badhe nemahi karisakaan menawi Gusti Allah sampun ngersakaken. Sawetawis cariyos ngengetaken kita dhateng punapa ingkang kelampahan ing jamanipun Nuh, ing pundi jagad ugi dipun sirnakaken dening Gusti Allah. Sadaya kalawau awit tumindakipun manungsa ingkang sampun mboten saged dipun engetaken malih. Tumindak jahatipun manungsa sampun dados padatanipun (kebiasaan), karana punika Gusti dhawahaken karisakaan dhateng jagad. Ananging menawi manungsa purun nindakaken kasaenan, gesang miturut karsanipun Gusti, tamtu kawontenaning jagad badhe ketinggal adem ayem. Gusti Allah ngersakaken kawontenan jagad punika mboten dipun kuasani tumindak jahat, nanging sageda kawonten ing jagad kados wonten ing Swarga.

Saking waosan punika, kita saged ngraosaken bilih Gusti Allah punika mboten nate nindakaken kuwaosipun kanthi sawenang-wenang. Sadaya ingkang dipun karsakaken Gusti Allah awit krana tumindak lan padatan kita. Sumangga kita tansah nindakaken tumindak lan padatan ingkang selaras kaliyan karsanipun Gusti, supados jagad punika saged kelampahan kados kawontenan ing swarga. Aja waleh-waleh nindakake kabecikan nang uripmu saben dina! Amin. [SIN].

 “Aku ya sarujuk… aja sampek perkara nggegirisi kelampahan ing jagat.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak