Ajeg Pancaran Air Hidup 23 September 2023

23 September 2023

Waosan :  Jabur 145 : 1 – 7      |      Pamuji : KPJ. 194
Nats: “Saben dinten kawula badhe memuji dhumateng Paduka, saha asma Paduka badhe tansah kawula luhuraken ing salaminipun.” (Ayat 2)

Tumindak punapa ingkang ajeg panjenengan tindakaken sanesipun rutinitas umum, kados adus, nedha, lan tilem? Mbok menawi wonten saperangan ingkang paring wangsulan: olah raga, resik-resik griya, lan tamtu wonten ingkang ugi ajeg maos Kitab Suci. Menawi kita purun jujur, ajeg nindakaken samukawis punika sanes prekawis ingkang gampil. Kados wekdal kita miwiti warsa enggal 2023 kepengker. Kita nggadhahi kathah sanget niatan, ananging punapa ngantos sapunika taksih wonten ingkang ajeg kita tindakaken?

Elok saha endah sanget kidung pepujian ingkang dipun aturaken dening Juru Mazmur punika. Wonten keterangan ingkang ngetingalaken tumindak ajeg ingkang dipun lampahi. Ing ayat 1 kasebataken, “tansah memuji asma Paduka ing salaminipun. Ayat 2, saben dinten kawula badhe memuji dhumateng Paduka. Ayat 4, saben turun badhe nyariosaken kasantosan Paduka. Tamtu wonten dhasar ingkang kiyat ngantos ndadosaken Juru Mazmur mujudaken niatanipun punika saben dinten malah ugi salami-laminipun. Dhasaripun karana bingah! Juru Mazmur bingah karana Gusti Allah Maha Mirah ugi Maha Sae tumrap gesangipun.

Saking waosan punika mangga kita sinau, supados saged ajeg nindakaken prekawis ingkang sae, salah satunggalipun inggih punika ajeg maos Kitab Suci. Kados pundi supados saged ajeg? Ingkang sepisan, kedah kita lambari kanthi manah ingkang bingah. Bingah karana gesang kita dipun kanthi dening Gusti. Sadaya ingkang kita lampahi kanthi suka bingah tamtu karaos entheng. Ingkang kaping kalih, kita ngrumaosi bilih maos Kitab Suci punika wigati sanget dados kabetahan kita minangka pandherekipun Gusti. Kitab Suci punika dados tuntunaning gesang kita, awit menawi boten wonten tuntunan, lampah gesang saged mblasar tebih saking Gusti. Kaping tiga, dipun lampahi sesarengan. Rencang peziarahan iman punika penting kangge kita, supados wonten ingkang ngemutaken dan paring dukungan semangat. Pramila menawi sapunika kita rumaos nglokro, sumangga kita wiwiti malih sesarengan. Amin. [PKS].

“Sapa Kang ajeg bakale Jejeg”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak