Andhap Asor Pancaran Air Hidup19 Mei 2023

19 May 2023

Waosan: Efesus 2 : 1 – 10 ǀ Pamuji: KPJ. 133
Nats:Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah.” (Ayat 8)

Ing wulan paseksen lan peladosan (KESPEL), Pasamuwan Inggil sacara rutin ngawontenaken kegiatan andum berkah arupi sembako dhumateng warganing pasamuwan. Kados padatan, sasampunipun panitia ngempalaken panyengkuyungan artha lan natura saking warganing pasamuwan, panitia lajeng ndamel daftar sinten kemawon warga ingkang badhe nampi sembako punika. Ing dinten ingkang sampun dipun sepakati, para panitia sami ngaturaken sembako dhumateng para warga. Sadaya lumampah kanthi sae, warganing pasamuwan ingkang nampi sembako sami ngraosaken kabingahan awit nampi kawigatosan saking greja, kejawi salah satunggaling warga, ingkang salah tampi nalika dipun aturi sembako dening panitia. Ing pemanggihipun, warga ingkang nampi sembako punika kalebet tiyang sekeng, mila piyambakipun boten purun nampi sembako punika. Kamangka, kegiatan andum berkah punika sejatosipun namung dados “tanda katresnan” saking greja dhumateng warganing pasamuwan.

Saking prekawis punika, kita dipun engetaken bilih pola pikir namung tiyang “kiyat” ingkang saged paring pambiyantu dhumateng tiyang “ringkih” taksih dipun ugemi kaliyan saperangan warganipun pasamuwan. Kaanan punika sansaya nyata nalika ing pasamuwan panci wonten tiyang-tiyang kiyat ingkang nggadhahi “kelenggahan” benten kaliyan warga jajar sanesipun. Lumantar seratipun Rasul Paulus dhumateng pasamuwan ing Efesus, sejatosipun pola pikir “kiyat – ringkih” punika sampun boten cocok, awit sadaya manungsa ing ngarsanipun Gusti punika sami, inggih punika tiyang ingkang badhe pejah karana panerak lan dosa (Ay. 1-2). Pramila, saking ayat punika kita kaajak supados tansah ngengeti dan ngrumaosi bilih sadaya kekiyatan kita pinangkanipun namung karana sih kamirahanipun Gusti, sanes wohing pambudidaya kita piyambak. (Ay. 8).

Kanthi mekaten, ing wekdal punika kita kaajak supados saged nindakaken paseksen lan peladosan ing wulan KESPEL kanthi dasar sipat andhap asor, awit panci sejatosipun boten wonten tiyang ingkang langkung pinunjul tinimbang tiyang sanes ing ngarsanipun Gusti. Dados, bisaa kita wujudaken katresnan dhumateng tiyang sanes ing wulan KESPEL punika, sanes karana kekiyatan kita piyambak, ananging awit sih rahmatipun Gusti Allah ingkang sampun kita tampi langkung rumiyin. Amin. [7us].

“Aja gumunggung awit manungsa kuwi mung saderma lebu”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak