Bacaan: Lukas 15 : 1 – 7 ǀ Pujian: KPJ. 53 : 1, 3
Nats: “Sapa panunggalanmu, kang duwe wedhus satus, mangka ana siji sing ilang, apa ora banjur nggoleki sing ilang iku nganti saketemune, …” (Ayat 4)
Nalika kita nggadhahi barang ingkang kita remeni, mesthinipun barang punika kita rimati kanthi estu. Lah… nalika barang punika wau ical, tamtu kita ngraosaken sisah, sedih, lajeng kita ngupadi madosi ngantos kepanggih. Menawi kita saged manggihaken barang ingkang kita remeni punika, tamtu kita ngraosaken bingah sanget.
Mekaten ugi ingkang dipun raosaken dening Gusti Allah nalika wonten tiyang dosa ingkang mratobat. Panjenenganipun ugi bingah sanget. Punika ingkang dipun dhawuhaken Gusti Yesus: “Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong siji kang mratobat,… “ (Ay. 7). Awit saking punika, wonten ing pasemon wau dipun sebataken, nalika wonten wedhus setunggal ingkang ical, Sang Pangen purun nilaraken 99 wedhus sanesipun kangge madosi wedhus satunggal ingkang ical. Punika nedahaken bilih wedhus ingkang ical wau wigati sanget tumrap pangen punika. Sinten ingkang dipun wastani wedhus ingkang ical punika? Aturipun nabi Yesaya, “Kita padha nglambrang kaya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener, ….“ (Yes. 53:6). Kita sadaya punika mendha ingkang ical utawi paling mboten kita nate dados “mendha” ingkang ical punika. Nalika wonten menda ingkang ical, Sang Pangen madosi ngantos kepanggih. Punika negesaken bilih kita punika kagunganipun Gusti Allah ingkang wigati ingkang dipun tresnani kanthi estu. Cobi dipun galih, kangge manggihaken kita, Gusti Allah punika sampun ngurbanaken Gusti Yesus.
Lumantar pasemon punika kita saged ningali, anggenipun madosi “wedhus kang ilang”, Gusti Yesus karsa dhahar sesarengan kaliyan tiyang ingkang dipun sisihaken sacara sosial mekaten ugi sacara rohani. Punapa kita, minangka pribadi lan greja, purun nulad tumindakipun Gusti Yesus wau? Sikep tiyang Farisi lan ahli Taurat wau kedahipun ndadosaken kita saged ningali dhiri kita piyambak minangka pandherekipun Gusti Yesus, “Kados pundi tumindak kita, sikep kita dhateng tiyang ingkang kaanggep dosa lan kasisihaken?” Mugi kita mboten kados tiyang Farisi lan ahli Toret wau. Tumrap kita ingkang sampun dipun panggihaken Gusti Yesus Sang Pangen kita, mangga sami nderek madosi “menda-menda” sanes ingkang taksih ical, lumantar gesang sami nresnani, enget-ingengetaken, sami ngiyataken lsp. awit kita punika inggih rencang damelipun Gusti. Amin. [nn].
“Tumut madosi menda kang ical punika inggih dados tanggel jawab kita,
minangka menda ingkang sampun kapanggihaken dening pangen kita”