Waosan: Kolose 4 : 2 – 5 ǀ Pamuji: KPJ. 192 : 1, 2
Nats: “Aku kabeh iya dongakna supaya Gusti Allah maringi dalan tumrap anggonku padha nyebar pangandika lan bisa nyaritakake bab kekerane Gusti Kristus, kang njalari anggonku kinunjara.” (Ayat 3)
Martosaken pakaryanipun Gusti Allah ingkang paring kawilujengan dhateng manungsa punika pancen penting sanget. Prekawis punika kedah katindakaken supados sansaya kathah tiyang ingkang mangertos, bilih Gusti Yesus Kristus ingkang nandhang sangsara ngantos seda sinalib, lajeng wungu punika Juru Wilujengipun manungsa. Nadyan mekaten prekawis punika boten gampil katindakaken. Kathah sanget pambengan ingkang dipun adhepi. Inggih mekaten ingkang dipun alami dening rasul Paulus. Boten sakedhik tiyang ingkang sami gething dhumateng rasul Paulus lan ngupadi supados rasul Paulus kendel anggenipun nindakaken ayahanipun punika. Pramila, awit saking raos gethingipun, rasul Paulus ngantos dipun kunjara.
Ngadhepi kawontenan ingkang kados mekaten punika rasul Paulus tetep semangat nindakaken ayahan martosaken pawartos kawilujengan ingkang katindakaken dening Gusti Yesus Kristus. Prekawis punika saged dipun alami awit saking panyengkuyungipun para pandherekipun Gusti Yesus ingkang tansah dongakaken rasul Paulus. Paulus ngakeni bilih pandonganipun para pandherekipun Gusti Yesus saestu dados kasantosan tumrap piyambakipun. Kejawi punika ugi saged dadosaken pawartos kawilujengan tumrap manungsa sansaya saged dipun pirengaken lan dipun tampi dening kathah tiyang. Pramila, rasul Paulus nglairaken panyuwunan: “Aku kabeh iya dongakna, supaya Gusti Allah maringi dalan tumrap anggonku padha nyebar pangandika, lan bisa nyaritakake bab kekerane Gusti Kristus, kang njalari anggonku kinunjara.” (Ay. 3).
Panyuwunanipun rasul Paulus punika ngengetaken kita supados tansah nyengkuyung ing pandonga. Sumangga kita tansah nyenyuwun dhumateng Gusti ing pandonga, supados: sepisan, tumindaking paladosan martosaken kawilujengan ingkang saking Gusti Allah kagem manungsa saged lumampah kanthi lancar. Kaping kalih, para palados ugi tansah nampi semangat, kasantosan, lan kawicaksanan saking Gusti Allah. Amin. [HSW].
“Gusti mugi Paduka tansah paring semangat, kasantosan, lan kawicaksanan
kagem para abdi ingkang nindakaken ayahan paladosan martosaken pakaryan Paduka. Amin”