Waosan: Rum 11 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 346a
Nats: “Nanging kapriye pangandikane Gusti Allah marang Nabi Elia mau? Mangkene: “Ingsun isih ngengehake wong pitung ewu kagem Ingsun, kang ora tau sujud nyembah marang Baal.” (Ayat 4).
Wonten salah satunggaling brayat ingkang ngadepi prekawis ingkang awrat. Ingkang putra mbajeng kedah mbayar biaya kuliah kangge semester punika, ragadipun kathah. Putra ingkang ragil mbetahaken biaya kangge mlebet sekolah SMA. Tiyang sepuhipun sampun mbudidaya, nyambut damel kanthi rekaos, supados saged nyekapi kabetahan biaya sekolah para putranipun punika. Arta ing tabungan ugi sampun dipun damel, nanging taksih kathah kirangipun. Lajeng wonten tamu nuweni brayat punika, saksampunipun brayat punika ngaturi prekawis ingkang dipun adepi, tamu punika lajeng ngajak brayat punika ndedonga. Sak rampungipun ndedonga tiyang sepuh punika malah ngrundel, “Okeh masalah kok mung diajak ndedonga.”
Waosan kita punika nyariosaken paseksinipun Rasul Paulus dhateng pasamuan ing Rum. Rasul Paulus paring piwucal bilih tiyang Yahudi punika kaparingan Sih Rahmatipun Gusti Yesus. Boten namung kangge tiyang Yahudi kemawon, sedaya umat sae punika tiyang Yahudi, Yunani lan mawarni-warni bangsa, sedaya sami nampeni katresnan lan sih rahmatipun Gusti Yesus. Pramila Rasul Paulus ngendika, “Kang iku aku takon: Apa kirane Gusti Allah wus nampik umate? Babar pisan ora! Awit aku dhewe iya wong Israel trahe Rama Abraham, saka taler Benyamin.” Ing ngriki tiyang Yahudi sami dipun emutaken kaliyan rasul Paulus, bilih Gusti Yesus punika saestu nresnani umat-Ipun sarta mitulungi umat-Ipun nalika kesrakatan lan kasisahan. Gusti Yesus boten mbenten-mbentenaken umatipun. Angger umatipun punika pitados lan setya tuhu dhumateng Gusti Yesus, tamtu badhe nampi berkahipun.
Gesang kita punika mboten namung nampeni kasaean kemawon, nanging ugi asring kita nampeni prekawis ingkang ewet. Kita sampun ngupadi kanthi temen, nanging taksih dereng saged uwal saking pakewed punika. Ing kahanan punika swawi kita enget bilih Gusti Allah mboten nate nilar kita. Gusti Allah tansah nunggil gesang kita sarta mitulungi kita ngagem pranatanipun Gusti Allah ingkang mboten saged kita nalar. Mangga anggen kita gesang tansah emut dhumateng Gusti Allah ingkang mboten nate nilar kita. Gusti Allah kersa mitulungi kita sami. Mekaten nalika kita sampun ngraosaken sih katresnan Gusti, kita tamtu badhe ngraosaken marem. Amin. [gfc].
“Nampeni gesang ateges nampeni katresnan Gusti.”