Waosan: Wulang Bebasan 8 : 22 – 31 | Pamuji: KPJ. 175
Nats: “Ingsun wus katitahake dening Pangeran Yehuwah dadi wiwitaning pakaryane, minangka pandamele kang kawitan ing jaman kuna.” (Ayat 22).
Gus Dur asring dipun sebat salah satunggaling tiyang ingkang kagungan kasagedan mangertosi prekawis-prekawis ingkang badhe kalampahan ing wekdal tembe, ingkang sakderengipun mboten dipun mangertosi lan dipun nyana-nyana dening tiyang kathah. Kaluwihan kados mekaten limrah dipun sebat “weruh sakdurunge winarah” dening tiyang Jawi. Salah satunggaling carios rikala semanten sakderengipun Gus Dur dados Presiden kaping sekawan, tebih-tebih dinten Gus Dur sampun ngendikan dhumateng rencang-rencangipun bilih piyambakipun badhe dados Presiden Indonesia ing wulan Oktober 1999. Lajeng punapa ingkang dipun ngendikaken Gus Dur punika angsal mawarni-warni wangsulan saking rencang-rencangipun. Wonten ingkang menggalih bilih Gus Dur namung ngajak gegojekan kemawon, wonten ingkang menggalih bilih piyambakipun nggadahi momotaning pikiran, wonten ingkang mboten mirengaken babar pisan. Ananging dumugi dintenipun, kalampahan punapa ingkang dipun ngendikakaken Gus Dur punika.
Gusti Allah ingkang nitahaken langit kaliyan bumi punika mboten namung pirsa prekawis-prekawis ingkang badhe kalampahan ing wekdal tembe. Karana Gusti Allah ingkang ngrerancang lan kagungan kuwaos nemtokaken punapa kemawon ingkang badhe kalampahan. Saestu mboten wonten satunggal prekawis ingkang saged kalampahan tanpa Panjenenganipun kersakaken kelampahan. Sadengah prekawis ingkang kelampahan wonten ing alam donya punika wonten ing asta-Nipun, kalebet pakaryan kawilujangan ingkang dipun paringaken dhateng umat manungsa lumantar miyosipun Sang Kristus Yesus.
Gusti Allah sampun pirsa sakderengipun, bilih manungsa ingkang dipun titahaken badhe tumindhak dosa. Pramila tebih-tebih dinten sakderengipun Gusti Allah nitahaken manungsa, Gusti Allah sampun kagungan rancangan kangge paring kawilujengan dhateng manungsa ingkang duraka punika. Gusti Allah kersa manjalma dados manungsa, wonten raganipun Sang Kristus Yesus. Rancangan kawilujengan punika ingkang dipun sekseni dening juru Wulang Bebasan, bilih Gusti Allah sampun nitahaken kawicaksanan ingkang dados wiwitaning sadaya tumitah. Pramila sumangga kita tansah saos sokur dhumateng Gusti karana katresnanipun dhateng kita sami. Amin. [YEP].
“Gusti nguningani sadaya prekawis, sarta boten kesamaran menggah satunggal-satunggalipun.”