Aja Ngremehake Pakaryane Gusti Allah! Pancaran Air Hidup 19 Desember 2022

19 December 2022

Waosan: Purwaning Dumadi 17 : 15 – 22 ǀ Pamuji: KPJ. 219 : 1, 4
Nats:Rama Abraham banjur sumungkem konjem ing bumi karo gumujeng, pangunandikane: “Wong kang wus umur satus taun apa kelakon anaka-anak, lan Sara kang wus umur sangang puluh taun iku apa iya bakal nglairake anak?” (Ayat 17).

Gesang ing jaman modern dadosaken saben tiyang kedah saged mikir lan tumindak nyondhongi kaliyan perkembangan jaman. Pramila, saben tiyang ugi kedah ngupadi nggayuh kapinteran. Kanthi kapinteran ingkang dipun gadhahi punika saben tiyang saged nyinaoni punapa kemawon ingkang wonten ing jagad punika. Ing kawontenan kados mekaten punika dadosken sansaya kathah tiyang ingkang lajeng ngandelaken kapinteranipun piyambak. Ing saklajengipun punapa kemawon ingkang boten saged dipun mangertosi kanthi nalar boten dipun anggep lan dados gumujeng.

Abraham ing jamanipun inggih sampun nggadahi kapinteran lan inggih ngandelaken kapinteranipun. Pramila, nalika mireng saking pangandikanipun Gusti Allah bilih Ibu Sara, semahipun ingkang yuswa sangang dasa taun badhe nglairaken anakipun, Abraham gumujeng (Ay. 17). Sacara kamanungsan prekawis punika pancen mokal. Nanging kados pundi menawi ingkang paring pawartos punika Gusti Allah piyambak? Abraham ingkang nanggapi pangandikanipun Gusti Allah kanthi gumujeng punika nedahaken bilih Abraham ngremehaken pakaryanipun Gusti Allah. Rama Abraham lan Ibu Sara sampun dangu sanget anggenipun ngalami pakewet krana kepingin kaparingan anak. Malah ibu Sara inggih sampun nglairaken pangaken dhumateng Abraham, “Lah ta, kula dipun ganjar gabug dening Sang Yehuwah, temah boten gadhah anak, …” (Psl. 16:2). Nadyan, mekaten Gusti Allah paring kawigatosan dhumateng Abraham lan Sara. Ing wancinipun, miturut karsanipun Gusti Allah, Sara lajeng ngandhut lan nglairaken anak. Malah Gusti Allah piyambak ingkang ngersakaken supados anak punika kaparingan nami Iskak.

Punapa ingkang dipun alami dening Abraham lan Sara punika nedahaken dhateng kita para umat kagunganipun Allah supados boten ngremehaken kawasa lan pakaryanipun Gusti Allah. Punapa ingkang katindakaken Gusti Allah punika pancen saged kaanggep mokal dening manungsa lan dipun gumujeng. Nanging, punapa ingkang dipun kersakaken Gusti Allah mesti kalampahan. Pramila, pangajeng-ajeng ingkang sami kita aturaken dhumateng Gusti Allah, kita tengga kanti kesabaran lan kasetyan. Ing wancinipun kita mesthi ngalami kabingahan saking Gusti Allah. Amin. [HSW].

“Gusti, mugi kawula paduka paringi kawicaksanan nampi punapa ingkang Paduka karsakaken.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak