Waosan: Ibrani 9 : 23 – 28 ǀ Pamuji: KPJ. 161
Nats: “Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroning pasucen gaweaning tangane manungsa kang mung dadi gegambarane kang sejati, nanging mlebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsane Gusti Allah kanggo kapreluan kita.” (Ayat 24)
Serat Ibrani 9: 23-28 ing waosan kita dinten punika nelakaken sekawan prekawis kaunggulanipun Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng Imam Agung Prajanjian Enggal, inggih punika:
- Panjenenganipun lumebet ing papan Maha Suci, ingkang sanes papan pakaryaning manungsa, inggih punika swarga.
- Panjenenganipun piyambak ingkang dados kurban mbirat dosanipun manungsa lumantar Sarira lan Rahipun.
- Panjenenganipun cekap kaping sapisan dados “kurban perdamaian” nebus dosanipun manungsa.
- Panjenenganipun ngorbanaken Sariranipun piyambak kagem manungsa, mboten kagem dhiri-Nipun piyambak.
Punapa artosipun kaunggulanipun Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng Imam Agung wonten ing gesang kita? Pangurbanan-Ipun. Pramila sampun sak mesthinipun kita rumaos bingah lan tansah saos sokur ing gesang kita piyambak-piyambak. Kados dene Gusti Yesus Kristus sampurna nindakaken pakaryan-Ipun, inggih mekaten kita mandeng lan nuladani gesangipun Gusti Yesus. Sinaosa awrat lan kathah panandhang, pacoben, lan pambengan, kita kedah kiyat nggondeli iman kapitadosan kita. Karana mboten wonten malih ingkang saged nggantosi pangorbanan-Ipun Gusti Yesus menawi kita sampun ngicali iman kapitadosan kita.
Saestu eman menawi kita ingkang sampun nampi karahayon sampurna punika dados pribadi ingkang gampil nglokro, pribadi ingkang mirah sanget reginipun, pribadi ingkang gampil dipun ijoli kanikmatan ndonya ingkang mboten sampurna. Karana punika, sumangga sasarengan kita sami nuladhani Gusti Yesus salebeting gesang kita. Kita tansah nglampahi gesang ingkang bener lan tansah mandeng dhumateng Gusti Yesus. Mekatena ugi kita tansah tumindak jujur, waspada, andhap asor, lan saos sokur. Kanthi gesang ingkang mekaten punika, kita saged misungsungaken gesang kita dhumateng Gusti, gesang kagem kaluhuran lan kamulyanipun Gusti. Amin. [Japri].
“Matur nuwun Gusti Yesus awit saking pangurbanan Paduka,
mugi kula pinaringan kiyat nglampahi gesang nuladani gesang Paduka.”