Bacaan: 2 Korinta 1 : 1 – 11 | Pujian: KPJ. 340
Nats: “Lan pangarep-arepku tumrap kowe iku tetep, awit aku padha sumurup, manawa padha kaya anggonmu melu kapanduman kasangsaranku kabeh, kowe iya padha melu kapanduman ing panglipur.” (Ayat 7)
Tamtunipun panjenengan sumerep utawi nate mirengaken tembang lagu ingkang dipun populeraken dening Ndarboys, inggih punika lagu “Mendung Tanpa Udan”. Tembang lagu punika dipun wiwiti kanthi lirik “mlaku bebarengan, mbendina sayang-sayangan, sedhih lan kebahagiaan…” bilih kita raos-raosken, wiwitaning lirik lagu punika saged nggambaraken kawontenan ingkang saestu endah tumrap tiyang ingkang mangun gesang bebrayatan. Ananging, bilih sampun lumebet refrein-ipun, mliginipun ing pungkasan, kita badhe ngraosaken raos ingkang mrihatosaken. Awit tetela ing kasunyatanipun, pangajeng-pangajeng supados tiyang bebrayatan kalawau saged mlampah sesarengan namung dados kenangan utawi mboten saged kasembadan awit sami pepisahan.
Pangajeng-ngajeng supados gesang saged satunggal raos, satunggal penggalih, lan mlampah sesarengan punika pancen sanes prekawis ingkang mokal, ananging mbok menawi dados pangajeng-pangajeng ingkang mboten gampil dipun wujudaken. Karana kangge mujudaken kawontenan punika dipun betahaken tiyang-tiyang ingkang sami purun nilar pepinginan dhirinipun piyambak (egoisme), dipun gantos dados pepinginan tiyang kathah. Tanpa dasar raos lan pikiran ingkang mekaten kalawau, pangajeng-ngajeng mlampah sesarengan namung saged dados pangajeng-pangajeng ingkang mboten saged kawujud ing kasunyatanipun.
Wonten ing lampahing peladosan, Rasul Paulus ugi nggadahi pangajeng-ngajeng supados warga pasamuwan Korinta saged satunggal raos lan satunggal penggalih. Nalika rasul Paulus ngraosaken kasangsaran karana peladosan, warganing pasamuwan Korinta punika inggih saged ngraosaken kasangsaran punika. Bilih piyambakipun ngraosaken panglipur, warganing pasamuwan Korinta inggih saged ngraosaken panglipur punika. Mila rasul Paulus ngersakaken gesanging pasamuwan Korinta saged mlampah sesarengan, karana wontenipun panunggiling raos lan panggalih punika. Mekaten ugi tumrap gesang kita sami, kita sami kaemutaken supados saged mlampah sesarengan kanthi purun nyatunggilaken raos lan penggalih kita, sae punika ing satengah-tengahing gesang bebrayan, gesang ing bangsa lan negari, langkung-langkung gesang ing pasamuwan GKJW. Gusti paring kasagedan dhateng kita sami. Amin. [YEP].
“Barang kang abot ayo padha dipikul, kang entheng ayo padha dicangking”