Mbangun Paseduluran Pancaran Air Hidup 9 Oktober 2022

9 October 2022

Bacaan: Lukas 17 : 11 – 19 | Pujian: KPJ. 357
Nats:
Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake panuwun. Mangka iku wong Samaria.” (Ayat 16)

Monggo dipun pirsani sedherek utawi rencang kita, kathah pundi ingkang tunggil kapitadosan kaliyan ingkang benten kapitadosan? Kenging punapa kados mekaten? Saperangan tiyang mastani bilih sesambetan kaliyan tiyang ingkang tunggil kapitadosan punika badhe njagi kasucening kapitadosan, katimbang ingkang benten. Saperangan malih mastani bilih sesambetan kaliyan tiyang ingkang benten kapitadosan ugi saged ndadosaken kapitadosan kita tansaya murni. Pemanggih ingkang kados ing ngajeng kalawau ugi dipun ugemi dening tiyang Yahudi, ingkang ngrumaosi bilih piyambakipun punika kapiji dados bangsa ingkang suci. Bangsa sanes punika kawastanan duraka lan dosa, kalebet tiyang Samaria. Pramila, tiyang Samaria punika boten dipun remeni, punapa malih dipun kancani.

Waosan kita nyariosaken tiyang sakit budhugen ingkang asring dipun wastani karana nampi kutukan. Pramila tiyang sakit budhugen punika kaanggep najis, reged, kebak dosa lan kedah dipun tebihi. Kadosipun, tiyang ingkang kados mekaten punika dipun ungsekaken tebih saking griyanipun, mbok menawi wonten ing perbatasan kitha. Prastawa ingkang elok nalika sawijining dinten Gusti Yesus miyos, tiyang-tiyang kalawau marek nyelak Gusti Yesus. Lan ing antawisipun tiyang sedasa ingkang sakit budhugen punika, ingkang sanga tiyang Yahudi lan ingkang setunggal tiyang Samaria. Namung tiyang Samaria punika ingkang ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Yesus awit piyambakipun sampun kasarasaken.

Tumindakipun Gusti Yesus ingkang melasi tiyang Samaria punika nedahaken sikap nresnani pepadha sanadyan beda. Gusti mboten mbenten-mbentenaken sinten ingkang pantes nampi katresnanipun. Timbalan kangge kita supados nulad Gusti Yesus Sang Kristus, tansah mbangun paseduluran kaliyan sinten kemawon senaosa benten suku, agama lan benten karana kawontenan punapa kemawon. Paseduluran kedah kabangun boten namung kangge sederek ingkang celak lan tunggil kapitadosan kemawon, nanging ugi kangge sesami ingkang benten. Awit Gusti nimbali kita tansah dados pepadhang lan lantaraning berkah ing pundi kemawon kita manggen lan srawung. Gusti Yesus tansah nganthi lan nunggil kita. Amin. [KRW].

“Salah satunggiling tumindak nulad Sang Kristus inggih punika mbangun paseduluran kaliyan sinten kemawon.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak