Mardika Saking Raos Negatif Pancaran Air Hidup 1 Oktober 2022

1 October 2022

Waosan: Jabur 37 : 1 – 9 | Pujian: KPJ. 136 : 1, 4
Nats:
“… Aja nepsu marga saka wong kang nglakoni piala, aja meri marang wong kang culika …” (Ayat 1b).

Sinten ta ingkang boten mangkel? Nalika lomba voli jebule kelompok sebelah sampun kong-kalikong kaliyan wasit, mula kelompokku kalah!” Tetembungan punika asring kita mirengaken nalika wonten lomba-lomba ing sakiwa tengen kita. Asring manah kita panas awit kita sampun budidaya gesang ingkang jujur lan bener, nanging langkung mujur tiyang ingkang tumindak licik lan durjana. Ing kawontenan ingkang mekaten, mbok bilih kita nate mosik ing batos, bilih pigesangan punika boten adil! Punapa Gusti Allah estu boten peduli lan ngukum tiyang durjana? Lajeng punapa ingkang saged kita tindakaken nalika ngadhepi kawontenan ingkang mekaten? Sumangga kita gatosaken waosan kita wekdal punika. 

Jabur 37 punika mratelaaken bab gesangipun tiyang mursid lan tiyang durjana. Prabu Dawud paring piweling, “Aja nepsu marga saka wong kang nglakoni piala, aja meri marang wong kang culika” (Ay.1), tegesipun nalika kita manggih tiyang durjana sampun ngantos kita tanggepi kanthi kebablasen, punapa malih tumindak negatip dhateng tiyang punika, awit sikap punika dadosaken kita malah dawah ing dosa (Ay. 8). Sikap punika boten wonten bentenipun kaliyan tiyang durjana ingkang tumindak ala. Mila ing ngriki, Prabu Dawud pitutur supados gesangipun tiyang mursid tansah kumandel dhumateng Gusti tinimbang nggadhahi raos negatip tumrap kawontenan ingkang boten saged dipun ewahi. Kita estu saged ngalami mardika saking raos negatip nalika gesang kita saged mantheb sumarah ing panguwaosipun Gusti Allah. Kita saged ngraosaken ayem ing batos nalika kita sidhem ing ngarsanipun Gusti Allah sarta nganti-anti pakaryanipun kanthi sabar lan tabah. Saestu Gusti Allah tansah makarya lan mitulungi kawontenanipun tiyang mursid.

Pancen boten gampil mangun gesang setya ing kabecikan saha kabeneran. Gesang mursid punika kedahipun kita lampahi mawi tindak-tanduk gesang kita lan ugi ing sajroning batos kita. Pramila sumangga kita tansah mangun pigesangan kanthi mardika saking raos negatip. Kita kumandel Gusti. Kita ngrimati manah kita kanthi resik supados kita kasagedna mangun gesang uwal saking bebenduning raos negatip. Selajengipun kita saged budidaya gesang sesambetan kaliyan sesami kanthi rukun lan tentrem. Gesang mursid ingkang kita tindakaken punika boten badhe muspra, awit gesang mursid punika uruping padhang ing satengahing alam donya ingkang kalimputan pepeteng. Amin. [mojo].

“Gusti Allah boten sare.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak