Waosan: Lukas 12 : 13 – 21 ǀ Pamuji: KPJ. 400 : 1, 2
Nats: “Banjur ngandika marang wong akeh: Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.” (Ayat 15)
Kanggene tiyang ingkang sampun nyambut damel kanthi rekaos, tamtu nggadhahi pepenginan saged dados tiyang sugih. Bilih sampun sugih, pangangen-angenipun gesang punika langkung gampil lan sekeca karana sedaya ingkang dados kabetahan lan pepenginanipun saged kasembadan. Boten lepat bilih tiyang punika sugih, nanging ingkang kedah dipun waspada sampun ngantos piyambakipun dawah, dadosaken kasugihan bandha donyanipun dados brahala. Kedahipun sarana kasugihanipun punika, piyambakipun saged dados talanging berkah kangge tiyang sanes.
Waosan kita dinten punika nyariosaken pasemonipun Gusti Yesus prekawis tiyang sugih ingkang bodho. Kagambaraken wonten tiyang sugih ingkang kagungan kasil panen ingkang kathah sanget. Tiyang punika mikir kados pundi anggenipun piyambakipun nyimpen kasil panen ingkang kathah punika. Lajeng piyambakipun mbangun lumbung-lumbung ingkang langkung ageng malih kangge nyimpen gandum lan barang darbenipun. Pungkasan matur, “Heh, nyawaku, kowe wis duwe badha akeh banget, cukup kanggo urip pirang-pirang taun, mulane ngasoa, mangana, ngombea lan seneng-senenga.” Ing salajengipun tiyang punika mati ing wanci dalunipun. Gusti Yesus ngendika mekaten kawontenanipun tiyang sugih ingkang namung mikiraken kangge gesangipun piyambak, nanging tebih saking Gusti.
Cariyos punika saged dados pepenget kangge kita, supados gesang kita boten namung buru bandha donya kemawon, ingkang pungkasanipun badhe sirna. Wonten ingkang langkung wigati, ingkang kedah kita upadi inggih punika mbangun paseduluran lan katresnan salebeting gesang ing donya. Awit tiyang ingkang sugih dulur lan tresna punika boten badhe kakirangan. Ingkang wonten manahipun namung saos sokur lan panuwun awit gesangipun kebak katresnan. Bilih kita sapunika dipun berkahi kasugihan, mangga kita ginaaken berkah punika kagem kaluhuran lan kamulyanipun Gusti. Kita purun andum berkah dhateng sesami kita ingkang mbetahken pitulungan. Mangga kita dados tiyang ingkang sugih dulur lan tresna, ing pundi sugih dulur lan tresna punika tansah nuwuhaken kabingahan lan katentreman salebeting gesang kita. Amin. [AR].
“Bandha donya iku bakal sirna, nanging bandha swarga iku langgeng selaminya”