Waosan: Jabur 138 : 1 – 8 ǀ Pamuji: KPJ. 316 : 1, 2
Nats: “Menawi kawula wonten ing salebeting karibetan, Paduka ingkang nggesangaken kawula, …” (Ayat 7)
Ing pemanggih kula, “boten wonten brayat ingkang boten nandhang karibetan ing gesangipun. Sedaya tiyang ingkang gesang bebrayatan tamtunipun nate ngalami karibetan.” Wujudipun karibetan punika mawarni-warni, kados karibetan bab ekonomi, bab panggulawentah dhateng anak, bab komunikasi ing antawisipun brayat, lan sanesipun. Lajeng bilih brayat kita punika ngalami karibetan, punapa ingkang badhe kita tindakaken? Nebih saking karibetan punika lan mlajeng saking masalah, punapa kita adhepi kanthi nyuwun kakiyatan saking Gusti Allah? Tamtu kanggene tiyang pitados, nalika kita ngalami karibetan ing satengahing brayat, kita purun nyelak dhumateng Gusti, kita ugi dedonga nyuwun pitulungan lan kakiyatan supados saged ngadepi sedaya karibetan gesang punika.
Waosan kita ing dinten punika nyariosaken pamuji lan panuwunipun Prabu Dawud awit saking pitulunganipun Pangeran Yehuwah. Prabu Dawud memuji Gusti klayan gumolonging manah lan tansah ngidung mazmur awit saking sih kadarman lan kasetyanipun Gusti Allah salebeting gesangipun. Prabu Dawud saged ngraosaken nalika piyambakipun sesambat, Gusti Allah tansah nyembadani lan maringi kasantosan. Pramila Prabu Dawud ngucap sokur lan ngluhuraken Pangeran Yehuwah awit Panjenenganipun tansah netepi janji-Nipun sarta nguningani abdinipun ingkang asor. Pungkasanipun Prabu Dawud ngakeni, ing salebeting karibetan, Gusti Allah kersa gesangaken piyambakipun. Nalika nandhang kasangsaran, Gusti Allah kersa paring pitulungan, awit Panjenenganipun tansah makarya lan sih kadarmanipun langgeng selaminipun.
Bilih Prabu Dawud saged ngraosaken pakaryan lan sih kadarmanipun Gusti Allah, mekatena ugi kangge kita. Pangakenipun Prabu Dawud punika saged dados pangaken kita ing satengahing karibetan ingkang kita alami. Kita saged ngraosaken bab ingkang sami kados Prabu Dawud, karana kita pitados Gusti Allah tansah makarya lan nunggil brayat kita. Pramila, sumangga kita masrahaken lampahing gesang brayat kita dhumateng Gusti. Sampun ngantos kita nebih saking Gusti, nanging mangga brayat kita saged dados brayat ingkang kiyat ngadepi sedaya karibetan gesang karana kita pitados Gusti tansah nunggil brayat kita. Amin. [AR].
“Brayat ingkang kiyat punika brayat ingkang tansah nunggil Gusti”