Waosan: Yokanan 17 : 20 – 26 ǀ Pamuji: KPJ. 161 : 1, 2
Nats: “Lan boten namung kangge tiyang-tiyang punika kemawon anggen Kawula ndedonga, nanging ugi kangge tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawula margi saking piwulangipun, …” (Ayat 20).
Sadaya tiyang temtu nate mireng salah satunggiling semboyan, ”Bersatu kita teguh, bercerai kita runtuh.” Inggih semboyan punika paring piwulang bilih kita kedhah saged nyatunggil sampun ngantos crah lan padu. Bilih kita nyatunggil, kita saged sesarengan nggayuh tujuan ingkang sae sesarengan, nggih punika mujudaken gesang ingkang kebak karukunan, kebak paseduluran, kebak katresnan lan katentreman. Nanging sinaosa mekaten, taksih kathah tiyang ingkang mboten sadar lan milih kangge crah. Sadaya punika nggih mboten sanes amargi manungsa nggadhahi raos egoisme, srakah, lsp, ingkang mboten dipun kendhaliaken.
Waosan kita ing dinten punika nedhahaken bilih Gusti Yesus saweg munjukaken pandonga kangge para sekabatipun lan sadaya tiyang pracaya amargi piwulangipun. Gusti Yesus sadar bilih wekdalipun punika boten dangu malih lan para umatipun Gusti bakal dipun sengiti kaliyan donya punika. Gusti Yesus badhe nilaraken para sakabat, nglampahi margi kasangsaran lan sinalib seda kangge nebus dosa manungsa. Pandonga punika tujuanipun supados para sakabat dipun paringi kakiyatan kangge nglampahi gesang tanpa Gusti Yesus. Tansah nyatunggil, saiyeg saeka praya, tresna-tinesran, lan tetep wantun paring paseksi bab margi kaleresan ingkang sejati, sinaosa kathah sanget kasangsaranipun ingkang dipun adepi.
Ing wanci sakmangke kita sesarengan wonten ing salebetipun Wulan Kesaksian lan Peladosan. Sumangga kita sami sadar bilih kita punika tiyang-tiyang pilihanipun Gusti ingkang sampun dipun piji lan dipun tebus dening Gusti Yesus. Sumangga kita mantebaken iman pracaya kita, mliginipun komitmen kita sadaya kagem paring paseksen. Lumantar paseksen ingkang kita babar, kita sami ngraketaken patunggilan, mujudaken gesang ingkang kebak karukunan, katentreman lan katresnan. Sesarengan kita sami makarya, nderek ngladosi Gusti lan mujudaken tanda-tanda kratoning swarga wonten ing bumi. Bilih kita saged nglampahi gesang ingkang kados mekaten, janjinipun Gusti dhumateng kita, inggih punika gesang langgeng nyatunggil kaliyan Panjenenganipun, nggih wonten ing bumi punapa malih wonten ing swarga. Amin. [YAH].
“Yen nunggil ing Gusti, manah ayem tentrem.”