Waosan: Pangentasan 33 : 12 – 17 | Pamuji: KPJ. 133
Nats: “Ingkang punika manawi kawula pancen angsal sih mirma wonten ing ngarsa Paduka, panyuwun kawula mugi kawula kasumerepna dhateng ing pangreh Paduka, supados kawula sageda mangertos Paduka, supados kawula tetep nampeni sih mirma wonten ing ngarsa Paduka.” (Ayat 13).
Pak Roni lan Pak Rudi saweg eyel-eyelan. Pemanggihipun pak Roni, “Wong Kristen iku kudu yakin karo imane, ora oleh mangu-mangu.” Menawi pemanggihipun pak Rudi, “Ora apa-apa, iman iku isa tansaya kuat merga nate mangu-mangu.” Kados pundi miturut panjenengan?
Mbok menawi kathah tiyang ingkang kepengin iman kapitadosanipun punika tansah kiyat lan menawi saged, mindhak jejeg lan santosa. Nanging, nyatanipun gesang ing donya ingkang kebak tantangan lan panggodha punika asring murugaken iman Kristen kita goncang. Menawi bab punika ingkang kita panggihi, boten tebih kaliyan kahananipun Nabi Musa. Milai Musa dipun timbali Gusti dados abdinipun, gesangipun Musa punika dinamis. Wonten wekdalipun Musa yakin estu kaliyan timbalanipun Gusti, panguwaosipun Gusti lan dhirinipun piyambak. Nanging, ing satengahipun karibedan Musa inggih mangu-mangu. Pramila Musa asring nyuwun pratandha saking Gusti, kados dene waosan dinten punika. Nalika Gusti sampun kersa ngandikakaken pangrehipun, Musa tansaya tatag anggenipun leladi karsanipun Gusti.
Para sedherek, ing gesang punika mbok menawi kita ugi asring ngadhepi maneka warni reribed ingkang ndadosaken iman kita mangu-mangu. Ing sajroning raos punika, mbok menawi kita kadosdene Musa ingkang nyuwun pratandha, ingkang langkung celak kaliyan Gusti, lajeng semangat makarya kagem Gusti. Kadosa pundi kahanan kita, bab sae ingkang saged kita sinaoni saking Musa inggih punika: terus maju, ora mandheg! Nalika Gusti sampun paring berkah ingkang ngiyataken, raos mangu-mangu punika badhe kasingkiraken ginantos raos ingkang yakin estu tumrap pangrehipun Gusti. Kesaenan punika saged kita cariosaken minangka paseksi kita tumrap sesami. Ngengeti pangrehipun Gusti badhe ndadosaken kita kebak ing raos sokur lan remen leladi. Pramila, ing kahanan punapa kemawon, kita kaatag tansah dados seksinipun Gusti. Pemanggih ingkang tansah kita raos-raosaken inggih punika: “Gusti wis paring berkah marang aku. Apa kang kudu dak lakoni minangka talanging berkah?” Gesang dados seksinipun Gusti ingkang remen leladi, mbok menawi saged kacobi. Amin. [KRW].
“Ing sadaya kaanan, nalika mangu-mangu utawi nalika yakin estu, tiyang pitados katimbalan dados seksi ingkang tansah remen leladi. ”