Prajanjian Karukunan Pancaran Air Hidup 9 Mei 2022

9 May 2022

Waosan: Yehezkiel 37 : 15 – 28 ǀ Pamuji: KPJ. 357 : 1, 3
Nats:
“Ingsun bakal nganakake prajanjian karukunan kalawan wong-wong mau kabeh lan iku bakal dadi prajanjian kang langgeng. Ingsung bakal mberkahi wong-wong iku, bakal Sundamel tangkar-tumangkar tuwin Sunparingi papan pasucening Sun ana ing tengah-tengahe ing salawas-lawase.” (Ayat 26).

Lampahing gesang asring nemahi prastawa ingkang boten ngremenaken. Maneka warni kawontenaning manungsa saged ndadosaken satunggal lan satunggalipun crah utawi boten rukun. Manawi sampun boten rukun, limrahipun ewet katunggilaken malih. Ingkang dados pitakenan, “Punapa nggih makaten ingkang dipun kersakaken Gusti Allah?” Lumantar cariyos ing waosan kita punika, Gusti Allah boten ngeparengaken bilih umat kagunganipun gesang boten rukun lan gesang piyambak-piyambak. Pramila waosan kita ngengetaken bilih Gusti Allah piyambak ingkang ngawontenaken prajanjian karukunan. Karajan ingkang pecah katunggilaken malih. Krajan ingkang katunggilaken badhe kaberkahan tuwin dados santoso selaminipun. Karajan Israel lan Yehuda dipun dadosaken satunggal malih supados rosa dados umatipun Gusti Allah.

Janjinipun Gusti Allah punika saestu nentremaken manahipun bangsa Israel. Gusti Allah janji badhe mbangun malih bangsa Israel. Sadaya badhe ngalami pangluwaran kanthi kebak sukarena lan sesarengan ngluhuraken Asmane Sang Yehuwah. Tamtunipun janji punika boten namung kangge bangsa Israel kemawon, ananging ugi kangge gesang kita sadaya ing zaman samangke. Pramila ingkang kedah wonten ing manah kita inggih punika, Gusti Allah tansah makarya kangge mulihaken lan mbangun gesang kita dados sae. Kanthi makaten badhe tuwuh raos urmat lan tansah nengenaken punapa ingkang dados karsa lan rancanganipun Gusti Allah.

Mbok manawi samangke kita saweg ngadepi kawontenan ingkang boten rukun kaliyan sedherek kita. Sami ngraosaken seriking manah awit wangkoting manah kita. Sae ingkang kadadosan ing brayat kita, ing panggenan kita nyambut damel, anggen kita sesambetan kaliyan sesami. Sumangga kita sami nampi timbalanipun Gusti, inggih punika purun lan sumadya lumebet ing prajanjian karukunan. Kita rampungaken kanthi andhap asoring manah lan sami purun ngakeni kalepatan. Saklajengipun Gusti piyambak ingkang badhe makarya ngrukunaken lan mberkahi kita ingkang gesang kanthi rukun. Sugeng lumebet ing prajanjian karukunanipun Gusti Allah. Amin. [Life].

“Payo, mbangun gesang ingkang rukun!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak