Waosan: Wahyu 8 : 6 – 9 : 12 | Pamuji: KPJ. 309
Nats: “Bilai, bilai, bilai wong kang manggon ana ing bumi awit saka swarane kalasangkane malaekat telu liyane, kang isih bakal ngungelake kalasangkane.” (Ayat 13b)
Wonten satunggal kapal pesiar ingkang ageng lan mewah, nalika kapal punika wonten ing tengah samodra wanci dalu, sirine alarm pepenget bebaya dipun ungelaken dening sang kapten. Kathah penumpang ingkang rumaos suwanten saking sirine alarm punika ngganggu para penumpang awit pancen wekdalipun kangge ngaso. Para penumpang lajeng protes dhateng awak kapal supados alarm punika dipun pejahi. Ananging sang kapten tetep mungelaken sirine alarm punika krana kapal punika bocor lan kahanan punika mbebayani kangge para penumpang.
Wonten gesang kita sadinten-dinten, kita saged sinau saking pengalaman gesang bilih titi mangsa lan pratandha saking alam punika saged dados tetenger bab punapa ingkang badhe kalampahan ing satengahing alam. Pratandha alam punika saged mawarni-warni kahanan, kados langit ingkang mendung ingkang nandhani sekedap malih badhe jawah. Srana pratandha alam punika, kita mengertos bilih kita kedhah cecawis ngadhepi mangsa ingkang gumantos, utawi bebaya ingkang badhe dugi. Makaten ugi punapa ingkang kaserat saking waosan kita dinten punika.
Para malaekat ingkang ngungelaken kalasangkanipun punika saged dados gegambaraning pratandha bebaya ingkang badhe dipun adhepi dening manungsa awit lampah gesangipun ingkang mboten migatosaken Gusti Allah ingkang Mahakuwaos. Karisakan lan bilai ingkang kagambaraken awit saking swanten kalasangka punika nedhahaken bilih para manungsa dipun paringi pratandha saking Gusti Allah supados migatosaken lan nglampahi pangandikanipun Gusti. Kangge tiyang ingkang nganggep pratandha punika namung ngganggu gesangipun, tamtu piyambakipun mboten sadar bilih gesangipun ngadhepi bebaya. Nanging kangge tiyang ingkang sadar lan migatosaken pratandha punika, piyambakipun badhe nata gesangipun, ngestokaken karsanipun Gusti, mratobat, sarta tansah rumaket dhumateng Gusti. Sumangga sakehing pratandha ing pigesangan kita punika, kita ugemi minangka katresnanipun Gusti ingkang paring pepenget dhateng kita. Kita tansah waspada lan siaga. Mangga kita tindakaken gesang kita miturut pangandikanipun Gusti. Kanthi mekaten kita tansah katuntun dening Gusti tumuju ing kawilujengan. Amin. [RES].
“Pratandha ing satengahing gesang ndadosaken kita siyaga lan waspada.”