Nglemprek Pancaran Air Hidup 9 April 2022

9 April 2022

Waosan: Jabur 31 : 10 – 17 ǀ Pamuji: KPJ. 65
Nats:
“Dhuh Yehuwah, mugi kawula Paduka welasi, awit kawula rumaos rupek; mripat, nyawa tuwin badan kawula nglemprek saking prihatos.” (Ayat 10).

Nalika kita mireng tembung “nglemprek”, punapa ingkang wonten ing pamikiran kita? Limrahipun tiyang mbayangaken kawontenanipun sedherek ingkang saweg kesayahen, sakit lan kirang semangat anggenipun nindakaken pakaryanipun. Kesayahen awit saking kathah sanget tanggelanipun, sakit awit ngraosaken badanipun boten sekeca, lan kirang semangat awit kasunyatan ingkang katampi boten sami kaliyan pengajeng-ajengipun. Kados-kados gesang punika sampun kecalan endahipun.

Limrahipun tiyang ngraosaken “nglemprek” punika badanipun, ananging waosan kita nyariosaken bilih Prabu Dawud ngraosaken “nglemprek” ing mripat, nyawa, tuwin badanipun. Punika gambaraken kaprihatosan ingkang awrat sanget. Kados-kados boten wonten semangat malih kangge nglajengaken gesang. Ingkang dados pitakenan, “Punapa nggih Prabu Dawud badhe mungkasi gesangipun awit ngraosaken “nglemprek” karana kaprihatosan?” Ingkang nengsemaken saking Prabu Dawud inggih punika, wonten satengahing kaprihatosanipun taksih saged nengenaken iman kapitadosanipun dhumateng Gusti Allah. Piyambakipun pitados bilih sih-kadarmanipun Gusti Allah saged ngluwari lan nguwalaken piyambakipun saking kaprihatosan. Prabu Dawud pitados bilih gesangipun wonten ing astanipun Gusti Allah. Pramila piyambakipun lajeng ngungsi dhumateng Gusti lan nyuwun pepadhang.

Ing mangsa pandemi Covid-19 punika, sadaya tiyang sami ngraosaken “nglemprek”. Kathah ewah-ewahaning gesang ingkang kedhah kasanggi. Kabetahan gesang boten sansaya entheng, nanging sansaya rekaos. Kathah sedherek kita ingkang kecalan tiyang ingkang dipun tresnani. Dereng malih ing prakawis nggulowentah anak, prakawis brayat ingkang kirang harmonis, kecalan padamelan, makaten ugi bencana alam ingkang kadadosan ing pundi-pundi panggenan. Sadaya kalawau saestu nambahi momotan gesang kita. Ingkang dados pitakenan saklajengipun, “Punapa ingkang kedhah kita tindhakaken supados kita saged nglangkungi sadaya karibedan kalawau?” Sumangga sami nuladha eloking gesangipun Prabu Dawud, ingkang tansah pitados bilih Gusti Allah badhe paring pepadhang. Ing astanipun Gusti Allah wonten katentreman dan karahayoning gesang, awit kita punika tansah wonten ing astanipun Gusti. Sumangga iman kapitadosan kita, kita dadosaken gondhelan, supados punapa kemawon prakawis gesang ingkang saweg kita adepi boten ndadosaken kita “nglemprek” ananging tansah mandep manteb ngandhelaken Gusti. Amin. [Life].

“Badan kita saged nglemprek, ananging iman kita boten.”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak