Bangun Pasamuwan Pancaran Air Hidup 1 Februari 2022

1 February 2022

Waosan: 1 Korinta 14: 13 25 ǀ Pamuji: KPJ. 285
Nats:
“Aku arep ndedonga nganggo rohku, nanging aku uga ndedonga nganggo akal-budiku, …” (Ayat 15b)

Ing sawijining dinten wonten satunggal mahasiswa teologi ingkang praktek ing salah setunggal pasamuwan desa. Mahasiswa punika dipun utus dening pendita pembimbingipun supados mimpin PA adiyuswa. Karana piyambakipun rumaos pinter, mila anggen mimpin PA damel basa teologi ingkang inggil. Kathah istilah-istilah teologi lan basa lare nem-neman ingkang dipun damel. Mahasiswa punika rumaos bilih damel basa teologi ingkang inggil, piyambakipun saged gumunggung lan nampi pangalembana saking warga adi yuswa ingkang ndherek PA punika. Ananging ingkang kedadosan kosokwangsulanipun, para adiyuswa mboten mangertos punapa ingkang dipun wedaraken mahasiswa punika. Mahasiswa punika lajeng dipun engetaken pendita pembimbingipun. Kasagedan lan kapinteran piyambakipun mboten saged dipun raosaken dening tiyang kathah, mboten saged dados berkah.

Rasul Paulus anggenipun nyerat layang kagem pasamuwan Korinta punika ugi ngemutaken bilih peparing saking Gusti ingkang arupi basa Roh punika kedah dipun agem kangge mbangun pasamuwan, awit boten sedaya tiyang nampi basa Roh punika. Kagem tiyang ingkang nampi basa Roh punika kedah wicaksana, mliginipun nalika ndedonga lan ngucap sokur. Nalika ndedonga kaliyan basa Roh, kedah dipun imbangi kaliyan basa ingkang limrah, ingkang saged dipun mangertos tiyang kathah. Menawi mboten dipun mangertos, tiyang ingkang ndedonga kaliyan basa Roh punika saged dipun arani ngomyang, karana senaosa ingkang dipun ucap punika sae nanging boten dipun mangertosi. Awit basa Roh lan peparing sanesipun saking Gusti punika mboten kangge gumunggunging diri piyambak, nanging kagem bangun pasamuwan.

Estunipun kita sedaya ugi nampi mawarni-warni peparing lan kasagedan saking Gusti. Wonten ingkang nampi kasagedan nyanyi, main alat musik, wicanten lan mucal kanthi wicaksana, nglipur, lan sanesipun. Sedaya peparing saking Gusti punika, mangga kita agem kanthi wicaksana. Peparing saking Gusti punika, sampun ngantos damel ngunggulaken diri utawi gumunggung lan pados pangalembana, nanging mangga sedaya punika, kita damel nglantaraken berkah saking Gusti, inggih punika kagem mbangun pasamuwan. Amin. [gwk].

Peparing kang beda-beda dadya pisungsung kang adya,
mrih kamulyaning Pangeran, wah majenging pasamuwan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak