Waosan: Lukas 4 : 14 – 21 ǀ Pamuji: KPJ. 178A : 1, 3
Nats: ”… Panjenengane wis ngutus marang Ingsun martakake luware para wong kang kinunjara, sarta pulihe pandelenge wong wuta, ngluwari wong-wong kang katindhes, ngundhangake taun kang dadi keparenge Pangeran.” (Ayat 18-19)
Kapulihan, biasanipun katitik saking prekawis ingkang saged dipun tingali dening mripat, kapireng dening talingan, kademek dening asta, kaambu dening grana, ingkang wosipun saged karaosaken dening badan utawi raga. Taun-taun punika ewet sanget ngraosaken pulihing kahanan awit wontenipun pagebluk Covid-19. Covid-19 punika sampun nggrantes samukawis prekawis, ingkang dados jiwa lan raganing manungsa nandhang kasisahan. Mbok bilih, kita pancen kedah nyebar godhong kara, sabar sawetara.
Rawuhipun Gusti Yesus ing donya punika saperlu martosaken Sih Rahmating Allah lan ngasta kawilujengan kangge manungsa ingkang kebak dosa. Samudayanipun estu saged karaosaken minangka pamulihan. Manawi kita titi priksa kanthi saestu, pulihing gesangipun umat ingkang katampi minangka mukjijat saking Gusti Yesus, inggih adhedhasar wonten ing kukuhing iman para tiyang ingkang kapulihaken punika. Pramila, nalika Gusti Yesus nyarasaken tiyang ingkang nandhang sesakit, Gusti Yesus dhawuh: ”Pangandelmu kang mitulungi kowe.” Pangandikan punika ngemu suraos, bilih sok sintena ingkang ngantu-antu pitulungan lan pulihing badan kasukman, kedah purun binuka wonten jiwanipun nampi sih rahmatipun Gusti.
Taun rahmat keparengipun Gusti Allah nyuraosaken pamulihan. Pamulihan saking Gusti Yesus Kristus tansah kacawisaken lan saged kita gayuh. Sumangga kita ngupaya jiwa ingkang binuka dhumateng Gusti, awit pamulihan ingkang saged karaosaken dening badan kasukman boten badhe kagayuh tanpa langkung rumiyin kita ngalami pulihing jiwa. Paribasan arta seket ewu, karasoaken cekap tumrap jiwa ingkang pulih, ananging karaosaken namung sakedhik kangge jiwa ingkang dereng pulih. Mekatena ugi sampun ngantos kita namung pados pamulihan saking Gusti kemawon, ananging sumangga kita ugi gayuh karsanipun Gusti kalawan ngewahi jiwa ingkang awon. Satemah, samukawis prekawis prasaja peparingipun Gusti saged kita raosaken minangka wujuding pamulihan ingkang ngeneraken kita dhateng katentreman lan karahayon. Amin. [aan].
”Sok sintena ngantu-ngantu pamulihan, kedah purun ngewahi jiwa.”