Gesang Langgeng Ndherek Gusti Pancaran Air Hidup 19 November 2021

19 November 2021

Waosan: 1 Korinta 15 : 20 – 28 ǀ Pamuji: KPJ. 113
Nats:
“Awit padha kaya ana ing Rama Adam wong kabeh padha mati, mangkono uga ana ing Sang Kristus wong kabeh iya bakal padha kauripake maneh.” (Ayat 22)

Ing salebeting swasana pangabekti pametaking layon, pelados pangabekti punika asring ngutip ayat saking Injil Yokanan 11:25-26, “Iya aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati. Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase.” Kutipan ayat punika saestu saged dados kakiyatan lan panglipuran kangge brayat lan warga pasamuan ingkang nderek ing pangabekti punika. Kita kaparingan prajanji saking Gusti Yesus piyambak bilih kita ingkang setya nderek Gusti Yesus dumugi pati badhe kaparingan gesang langgeng. Pramila kanggenipun tiyang pitados, pejah punika wiwitaning gesang kaliyan Gusti Yesus.

Punapa ingkang dados prajanjinipun Gusti Yesus punika, dipun tegesaken malih kaliyan Rasul Paulus ing waosan wekdal punika. Ing Serat 1 Korinta 15:20 – 28 punika, Rasul Paulus nyerat Gusti Yesus Kristus sampun kawunguaken saking antawisipun tiyang pejah. Gusti Yesus dados ingkang wiwitan kawunguaken lan badhe kalajengaken para umat kagunganipun. Gusti Yesus sampun ngawonaken pati, karana punika Gusti Yesus maringi gesang langgeng kangge para umat pitados. Benjing ing dinten wekasan, para umat kagunganipun Gusti Yesus badhe dipun tangiaken saking pati lan kakempalaken ing patunggilanipun Gusti Yesus.

Dawuh pangandika Gusti wekdal punika dados pengajeng-ajeng kangge kita. Kita minangka panderekipun Gusti Yesus dipun paring jaminan kawilujengan, gesang langgeng ing Gusti. Kita badhe dipun tangiaken malih saking pati lan katunggilaken wonten Kratoning Allah. Bilih wekdal punika, kita taksih kaparingan gesang ing donya punika, mangga kita sami migunaaken gesang punika kanthi ngabekti lan mbangun turut dhateng Gusti Yesus Kristus. Sampun ngantos kita nebih saking Gusti karana tumindak awon lan dosa. Nanging mangga, kita sansaya celak kaliyan Gusti kita, sansaya tumemen nindakaken pakaryanipun Gusti lumantar paseksi lan peladosan kita. Kita ingkang sampun gesang miturut karsaNipun Gusti, kita boten badhe ajrih, bilih sak wanci-wanci Gusti Yesus nimbali kita, karana kita pitados bilih kita badhe katangiaken lan kaparingan gesang langgeng ing Kratoning Allah. Amin. (AR).

 “Gusti Yesus punika Juru Wilujeng lan Panguripan kangge kita, para pitados.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak