Waosan: Daniel 8 : 1 – 14 ǀ Pamuji: KPJ. 357
Nats: “Nganti pira lawase tumindaking wahyu iki, yaiku kurban dinan lan duraka kang ngrusak, papan suci kang dipasrahake lan wadyabala kang diidak-idak?” (Ayat 13)
Pepujian saking KPJ. 357 Endahing Saduluran, ing antawisipun wonten tembung-tembung: beda agama, beda golongan, sami dene ngajeni lan biyantoni, dhemen sung pangapura, nyirik piala, samya silih ngalah, nadyan panemu beda, nging tan samya sulaya, lan salajengipun. Pepujian punika gambaraken gesang ingkang nguwongaken tiyang sanes lan tepa slira, ingkang dados pepinginan lan gegayuhan kita sami. Ananging kasunyatanipun nedahaken bilih boten gampil mujudaken pepenginan lan gegayuhan ingkang adi lan endah punika.
Waosan kita ing ayat 9-12 nedahaken kawontenan ingkang lelawanan inggih punika sungu cilik lan wadya balaning langit. Sungu cilik punika nggambaraken Antiokhus IV, raja saking Sileukus. Piyambakipun nganiaya tiyang-tiyang Yahudi. Dungkap pungkasing tahun anggenipun mrentah, Antiokhus IV budidaya ngrisak agami, adat-istiadat, lan kabudayan Yahudi, ngawisi kurban padinan lan kurban kurban ing Bait Suci. Ngedegaken mesbah brahala ing Bait Suci Yerusalem (tahun 167 SM).
Punapa ingkang katindakaken dening Antiokhus IV : wontenipun rekadaya ngrisak agami, adat-istiadat, kabudayan ingkang benten kaliyan piyambakipun, saged ugi taksih kelampahan ngantos dumugi samangke. Agami ingkang mesthinipun nenuntun tiyang dhateng tumindak leres, adil, tresna dhateng sesami, malah kadadosaken dhadhakan wontenipun cecongkrahan. Adat-istiadat lan kabudayan gesang guyub-rukun, gotong royong, sangkul-sinangkul ing bot repot, ngajeni, nguwongaken tiyang sanes, saha tepa slira, dados tumindak intoleransi lan namung mikir badanipun piyambak, pados untungipun piyambak, lan boten maelu malih dhateng ngasanes, sing penting aku penak lan kepenak.
Tumrapipun GKJW, bulan November punika mujudaken wulan Budaya. Ing wulan budaya punika, kula lan panjenengan sami katimbalan gesang ing salebeting Roh Suci. Karana gesang kita katuntun dening Sang Roh Suci, gesang kita tansah ngedalaken katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya, alusing bebuden, lan bisa ngemudheni dhiri. Inggih namung srana makaten kita saged bangun kabudayan nguwongaken tiyang sanes lan tepa slira (toleransi). Amin. [SS].
“Apa sing kok karepake ing bab tumindaking wong marang kowe,iku iya etrapna marang wong.”