Waosan: Jabur 16 : 1 – 11 ǀ Pamuji: KPJ. 135 : 1 – 3
Nats: “Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula, kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa Paduka; ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng.” (Ayat 11)
Bilih wonten pitakenan, ”Punapa ukuranipun tiyang punika dipun wastani rahayu?” Tamtunipun saben tiyang wangsulanipun benten-benten. Mbok menawi wonten ingkang mangsuli, “Tiyang rahayu punika tiyang ingkang kacekapan sedaya kabetahan gesangipun. Tiyang ingkang tinemu wilujeng sanajan nembe ngalami kacilakan. Tiyang ingkang ngraosaken ayem, tentrem, rukun, lan santosa salebeting gesang bebrayatan, lsp.” Tamtunipun kita kepengin gesang kita punika tansah rahayu, karana punika kita badhe ngupaya maneka cara supados gesang kita tansah rahayu. Mangga kita sami sinau saking Prabu Dawud anggenipun galih kados pundi tiyang ingkang rahayu punika?
Jabur 16:1-11 punika nyariosaken pasaksinipun Prabu Dawud ingkang ngarosaken pakaryan lan sih rahmat-Ipun Gusti Allah salebeting gesangipun. Ing paseksinipun Prabu Dawud nyebataken, “Paduka punika Gusti kawula, tumrap kawula boten wonten ingkang sae kajawi Paduka.” (Ay. 2). Karana punika Prabu Dawud tansah ngalembana dhumateng Gusti Allah ingkang tansah paring pitedah lan pitulungan (Ay. 7). Piyambakipun tansah enget dhumeteng Gusti Allah, “Aku tansah madhep marang Sang Yehuwah, manawa Panjenengane jumeneng ana ing tengenku, aku mesthi ora nganti keguh.” (Ay. 8). Karana punika Prabu Dawud tansah bingah-bingah lan surak-surak, awit Gusti Allah sampun nedahaken margining gesang dhateng piyambakipun. (Ay. 9). Saking paseksinipun Prabu Dawud punika kita mangertos tiyang ingkang rahayu punika tiyang ingkang mursid, tiyang ingkang celak dhumateng Gusti, tiyang ingkang lumampah ing marginipun Gusti Allah.
Ing wulan budaya punika, mangga kita mangun gesang kados gesangipun Prabu Dawud. Kita purun ngakeni Gusti Allah punika sae kangge gesang kita. Kita tansah enget dhumateng Gusti Allah ing sauruting gesang kita. Mekatena ugi kita tansah bingah-bingah lan asukarena awit Gusti Allah nganthi lan nunggil gesang kita. Mangga kita saged dados tiyang ingkang mursid, tiyang ingkang mbangun turut dhumateng Gusti sarta setya bekti nderek Gusti. Kanthi mekaten tamtu kita saged ngraosaken tentrem rahayu ingkang sejati. Amin. [AR].
“Pinuji-pujia Gusti Allah kawula ingkang tansah maringi tentrem rahayu dhateng kawula.”