Ngelingna Pancaran Air Hidup 9 November 2021

9 November 2021

Waosan: 1 Timotius 5 : 1 – 8 ǀ Pamuji: KPJ. 109
Nats:
“Aja tumindak keras marang wong kang wis tuwa, nanging elingna kayadene marang bapa; wong nomnoman padha elingna kayadene sadulurmu, …” (Ayat 1)

Punapa ingkang badhe kita tindakaken nalika kita mangertos sederek kita tumindak lepat? Inggih, wangsulanipun ngelingaken sederek ingkang lepat punika. Kados pundi caranipun? Kita saged ngelingaken sederek kita punika nalika kita kaliyan piyambakipun ing suasana ingkang tenang. Boten wonten tiyang sanes kejawi namung kita piyambak lan sederek kita punika. Kita ngelingaken sederek punika ngangge pitembungan ingkang alus. Mekaten ugi kita purun dongaaken sederek kita punika supados sadar tumrap kalepatanipun. Pungkasanipun sedaya tumindak ngelingaken punika kedah kalandesan katresnan.

Rasul Paulus gulawentah Timotius ingkang nalika semanten dados pelados ing pasamuwan Efesus. Paulus nyuwun dhateng Timotius supados boten tumindak keras dhumateng tiyang sepuh, nanging puruna ngelingaken kados dhumateng bapa. Kanggenipun Paulus, tugas Timotius minangka pelados pasamuwan kedah ngajeni tiyang ingkang sepuh. Tembung “bapa” ing ayat 1 punika negesaken anggenipun Timotius ngajeni tiyang sepuh ing pasamuwan Efesus kados piyambakipun ngajeni dhumateng tiyang sepuhipun piyambak. Mekaten ugi bab ngelingaken dhateng para nem-neman, Timotius kasuwun sami ngelingaken nem-neman punika kados ngelingaken dhateng sederekipun piyambak. Sedaya tumindak ngelingaken punika kedah kalandesan manah ingkang murni lan katresnan. Srana punika lampahing pasamuwan saged katata kanthi sae.

Kados pundi kaliyan kita? Punapa kita sampun ngelingaken sederek utawi brayat kita menawi wonten ingkang tumindak lepat? Inggih, kita kedah wantun ngelingaken sederek utawi brayat kita ingkang tumindak lepat punika. Kita nggadahi tugas kados Timotius ngelingaken tiyang ingkang tumindak lepat, tiyang ingkang gesang ing pepeteng, tiyang ingkang tebih saking Gusti. Tujuanipun supados sederek utawi brayat ingkang kita elingaken punika sami sadar lajeng mratobat, nelangsani kalepatan lan tumindak awonipun. Tamtu sedaya punika kita landesi katresnan kita dhumateng sederek utawi brayat kita punika. Mugi Gusti Yesus tansah paring kakiyatan kangge kita ngelingaken sesami ingkang lepat. Amin. [AR].

 “Payo padha eling-ingelingake minangka patunggilaning Gusti!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak