Waosan: Pangandharing Toret 6 : 10 – 25 | Pamuji: KPJ. 390
Nats: “Kowe wedi-asiha lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan anggonmu sumpah iku demia asmane.” (Ayat 13).
“Bersatu kita teguh, bercerai kita runtuh” inggih punika salah satunggiling slogan ingkang saged nuwuhaken semangat tetunggilan kangge bangsa Indonesia. Awit rikala semangat tetunggilan punika dipun upadi saged mrantasi sedaya tantangan. Langkung-langkung pakaryan ingkang dipun tindakaken awit saking purun nyatunggil punika ketingal ageng, kathah, lan langkung cepet. Benten rikala dipun tindakaken piyambakan, asilipun namung sekedhik, mbetahaken wekdal ingkang dangu ngantos raosipun badan punika sakit sedaya. Tamtunipun kita sami pirsa bab punika, karana punika semangat tetunggilan punika kedah dipun lestariaken salebeting gesang kita sadinten-dinten.
Menawi dipun raosaken, bangsa Israel ingkang medal saking Mesir tumuju Kanaan punika nedahaken bilih Gusti Allah punika makarya sesarengan kaliyan umat-Ipun. Anggenipun Gusti Allah makarya sesarengan punika supados umat-ipun punika pikantuk pangertosan bab pakaryan lan panguwaosipun Gusti Allah salebeting gesangipun bangsa Israel. Wonten proses lan pengalaman umat, ing salebeting Gusti Allah nenuntun bangsa Israel punika. Kados pangandikanipun Gusti Allah ing waosan punika. Punapa ingkang dados Pangandikanipun Gusti Allah punika gegayutan kaliyan sedaya proses ingkang sampun lan taksih dipun alami bangsa Israel. Gusti Allah mboten namung ngendika supados umatipun Israel sami nindakaken pranatanipun lan nebihi laranganipun ananging saestu Pangandikanipun Gusti Allah punika nuwuhaken gesang.
Ing pekan pemuda punika, kita sami dipun ajak nindakaken pranatanipun Gusti, sae ing brayat, ing pandamelan, lan ing peladosan kita. Sampun ngantos kita tebih kaliyan Gusti, nanging mangga kita tansah nyatunggil kaliyan Gusti. Awit nalika kita mangun tetunggilan lan purun nyatunggil kaliyan Gusti Allah, punika ingkang nuwuhaken kabingahan salebeting gesang kita. Sumangga kita gesang tetunggilan ing Sang Kristus. Kita pitados bilih sedaya pakaryan ingkang kita tindakaken punika tansah dipun berkahi dening Gusti Allah sarta saged dados pakaryan ingkang aji lan migunani kangge sesami kita. Amin. [garlic].
“Ngabdi maring Gusti iku gesang kang pangaji.”