Memitran Pancaran Air Hidup 25 Oktober 2021

25 October 2021

Waosan: Pangentasan 4 : 1 – 17 | Pamuji: KPJ. 362 : 1, 2
Nats:
Harun iku kang bakal makili sira mituturi bangsa iku, kalawan mangkono Harun iku minangka cangkemira lan sira kaya kang dadi Allahe.” (Ayat 16).

Minangka makluk sosial, manungsa mesthi gesang memitran kaliyan sesaminipun. Ewasamanten, kathah tiyang ingkang namung ningali dhateng kawontenaning dhiri pribadinipun. Temah, kathah tiyang ingkang namung menggalih lan mentingaken dhiri pribadinipun piyambak, rumaos paling kuwaos, utawi kosokwangsulipun, rumaos boten saged mrantasi prekawis utawi jejibahan ingkang dipun adhepi. Conto temahanipun, boten purun kapilih dados Ketua Panitia, Ketua Kelompok, dados anggota PHMJ, Pinisipuh utawi Diaken, lsp. karana namung ningali dhateng kekiyatan utawi kasagedanipun pribadi ingkang winates.

Lah mekaten ugi ingkang dipun penggalih dening Musa. Piyambakipun boten cumadhang netepi timbalanipun Gusti Allah kangge nindakaken pakarya-Nipun. Piyambakipun namung ningali dhateng dhiri pribadinipun minangka tiyang ingkang nembe -boten wiwit alit- dipun tepangi dening bangsa Israel. Limrah menawi Musa rumaos boten badhe dipun pinitados dening bangsa Israel, boten badhe dipun mirengaken. Lajeng Gusti Allah paring pratandha elok ingkang saged dipun tedahaken dening Musa supados Israel purun pitados dhateng piyambakipun. Ewasamanten, Musa taksih dereng cumadhang nindakaken timbalanipun Gusti. Alesanipun, boten saged rembagan, sanes ahli micara, ewed guneman lan ilatipun kaken. Temah piyambakipun nyuwun Gusti Allah ngutus tiyang sanes kemawon. Lajeng Gusti Allah mrentah Musa nyawang Harun -boten namung minangka sedherek- nanging minangka rowang damel, minangka mitra kangge nindakaken pakaryanipun Allah. Srana memitran kaliyan Harun, Musa badhe saged nindakaken karsanipun Gusti mujudaken kawigatosanipun Allah dhateng bangsa Israel kanthi paring pangluwaran.

Sampun nyawang dhateng karingkihan pribadi kita! Swawi nyawang lan ngandel dhateng pitulungan pangwasanipun Allah lan nyawang mitra utawi tiyang sanes ingkang saged njangkepi kakirangan kita. Kita kedah memitran kaliyan tiyang sanes! Kanthi mekaten kita saged nindakaken timbalanipun Allah: dados berkah tumrap sedaya titahipun Allah. Amin. [st]

 “Memitrana kanggo antuk lan andum berkah!

Renungan Harian

Renungan Harian Anak