Waosan: Lelakone Para Rasul 4 : 13 – 31 | Pamuji: KPJ. 369 : 1 – 4
Nats: “Tiyang punika kedah kita punapakaken? Awit sampun nyata, tumrap sedaya tiyang ingkang manggen ing kitha Yerusalem, bilih kekalihipun sami ngawontenaken satunggaling mujijat ingkang nyolok, ingkang boten saged kita selaki.” (Ayat 16).
Abraham Maslow ing teori psikologinipun bab kematangan dhiri nyebataken tiyang ingkang mateng kapribadenipun saged dipun tingali saking kados pundi tiyang kalawau saged ngatingalaken tumindhaking gesangipun kanthi kesadaran lan panampi tumrap kaluwihan lan kekirangan dhirinipun piyambak. Piyambakipun ugi saged nampi lan nyadari kakirangan lan kaluwihan tiyang sanes. Mbok menawi kita nate manggihi tiyang-tiyang tertamtu ingkang anggenipun ngatingalaken tumindhaking gesang kados-kados mboten peduli kaliyan kawontenanipun tiyang sanes. “Pokok aku sing kudu ketok paling pinter, paling penting, paling apik, lsp… ojo ana wong liyane.” Lajeng bilih wonten tiyang sanes ingkang nggadahi kaluwihan nglakungi piyambakipun, tiyang kalawau mboten peduli babar pisan, malah saged-saged kaluwihanipun tiyang sanes punika dipun tutup-tutupi lan mboten dipun akeni awit ajrih kesaingan. Nah, tiyang-tiyang ingkang kados mekaten kalawau saged dipun sebat dereng ngalami matengipun kapribaden.
Nalika Rasul Petrus lan Yohanes ngatingalaken panguwaosipun Gusti kanthi nindhakaken mukjijat wonten ing ngajengipun tiyang Yahudi, para imam, sarta para tiyang Saduki kekalihipun manggihi panampik. Tiyang-tiyang kalawau sami bingung kados pundi caranipun nyingkiraken Rasul Petrus lan Yohanes karana pakaryan-pakaryanipun Gusti ingkang kalampahan lumantar kekalihipun. Tiyang-tiyang kalawau ajrih bilih sedaya tiyang Yahudi kecalan kapitadosan dhateng piyambakipun, ajrih kasaingan, ajrih kecalan wibawa lan pamoripun karana kawontenan lan tumindhakipun para Rasul punika. Saking punika, kita saged mangertos bilih tiyang-tiyang ingkang sami ajrih tumrap punapa ingkang dipun tindhakaken para Rasul kalawau inggih tiyang-tiyang ingkang dereng mateng sacara kapribaden.
Sinau saking carios punika, sumangga kita ngupadi nggayuh matengipun kapribadhen kanthi purun lan saged ngakeni kaluwihan lan kakirangan dhiri pribadi lan tiyang sanes. Bilih wonten tiyang sanes ingkang nggadahi kaluwihan ingkang nglangkungi dhiri kita, nggih sumangga kita ngaturaken pamuji sokur dhateng Gusti. Ing wusana kita ugi purun nyambut damel sesarengan tanpa raos ajrih kasaingan. (YEP).
“Wong kang ngandelake awake dhewe iku mung ngundhuh bilai.”