Waosan: Jabur 66 : 8 – 20 | Pamuji: KPJ. 212
Nats: “He para bangsa, Gusti Allah kita padha saosana puji, lan padha ngunjukna pepujian marang Panjenengane!” (Ayat 8)
Wonten tradisi lami ingkang rikala semanten sampun awis dipun tindakaken, inggih punika tradisi nyariosaken dongeng saderengipun anak sami tilem. Jaman rumiyin, kita pirsa wonten cariyos “kancil nyolong timun”, “kelinci lan kura-kura”, “maling kundang”, lsp. Ananing ing jaman modern sapunika, tradisi punika sampun sirna, dipun gantos kaliyan HP. Sejatosipun eman-eman bilih tradisi dongeng saderengipun anak sami tilem punika sirna, awit saking tradisi punika kathah sanget ginanipun. Contonipun hubungan antawis anak kaliyan tiyang sepuhipun saged raket, tiyang sepuh saged mucal anakipun bab iman, moral, pigesangan, lsp. Lumantar tradisi cariyos dongeng punika, katah pitutur lan piwucal ingkang saged dipun turunaken.
Saking waosan Jabur 66, Juru Mazmur pengin nyariosaken malih dhateng para tedhak turunipun bangsa Israel bab pakaryanipun Sang Yehuwah. Ing ngriki, Juru Mazmur nyariosaken lampahing bangsa Israel nalika wonten ing ara-ara samun, nyebrang segara abang, lan bengawan Yarden ngantos lumebet ing tanah prajanjian. Sadaya punika saged kelampahan awit Sang Yehuwah piyambak ingkang nuntun bangsa Israel. Mboten namung panuntun ingkang katampi dening bangsa Israel, Juru Mazmur ugi ngajak bangsa Israel sami ngaturaken panuwun sukur dhumateng Sang Yehuwah awit sadaya berkah lan pangantinipun (Ay. 15). Mila cariyos bab panuntuning Sang Yehuwah punika kedah kasebar lan dipun turunaken dhateng tedhak turunipun bangsa Israel (Ay. 16). Tradisi nyariosaken pakaryanipun Sang Yehuwah nuntun bangsa Israel medal saking Mesir punika mawujud ing tradisi seder pesakh.
Ingkang nampi pakaryan dan panuntunipun Gusti Allah punika sejatosipun mboten namung bangsa Israel kemawon, ananging kita ugi sami nampi pakaryan lan panuntunipun Gusti. Lumantar waosan kita, kita dipun engetaken bilih Sang Yehuwah punika sampun makarya lan nuntun lampah gesang kita ing donya. Pramila pakaryaning Sang Yehuwah punika, mangga kita tanggepi kanthi ngaturaken saos sukur kagem Gusti. Mekatena ugi sadaya pakaryanipun Gusti Yesus ingkang sampun nebus dosa kita, mangga kita cariyosaken dhateng anak putu kita ugi sesami kita. Kanthi mekaten anak putu kita tansah pitados dhumateng Gusti Yesus lan saged ngraosaken pakaryanipun Gusti Yesus ing gesangipun. Amin. [BWP].
“God created man because He loves a story.” – Elie Wiesel