Aja Golek Alasan Pancaran Air Hidup 29 Agustus 2021

29 August 2021

Waosan: Markus 7 : 1 – 23 | Pamuji: KPJ. 202 : 1, 3
“Pinter banget kowe nyingkirake pepakoning Allah, supaya bisa netepi adat-tata caramu dhewe.” (Ayat 9).

– Pak ndhita yen ngendika ora isa dipercaya!

– Lho, kok ngaten?

Inggih. Kepengker kula dipun tedahi, “Pak ingon-ingonanmu diopeni sing tenan. Anak-anakmu isih cilik, perlu ragat akeh.”

– Lha rak apik to saran iku.

– Apik napa! Wingi kula didukani nalika saweg angon menda.

– Kok isa?

“Ngopeni yo ngopeni, nanging ya elinga ngibadah ta Pak!” Kula dingatenaken, kamangka kula rak ngecakaken pitedahipun.

– Oo, ngono, to. Pak ndhita ya ora salah. Sanadyan ngopeni ingon-ingon iku penting, nanging mbok ditata wektune, ben ora nglirwakake ibadah minggu.

Gesang padintenan pancen boten gampil, maneka reribet lan momotan tansah kita sanggi. Awit saking raos kuwatir kita, mila kita lajeng nggethu anggen kita nyambut damel. Kados-kados menawi boten nyambut damel sedinten kemawon badhe ambyar gesang punika. Kados pengalamanipun Bu Drembo. Kalih taun piyambakipun babar pisan boten nuweni ibunipun ing dusun ingkang sampun sepuh sanget. Kamangka jarak panggenanipun Bu Drembo kaliyan dalemipun ibunipun namung antawis 80 km. Bu Drembo ajrih menawi daganganipun dipun tilar sedinten kemawon badhe kecalan bathi atusan ewon rupiah. Amargi ngugemi bathi tega nglirwakaken tiyang sepuh!

Gampil sanget manah/ pikiran kita dipun kuwaosi dening arta/ kasenengan lan nglirwakaken gesang ingkang mulya (ngluhuraken Gusti utawi saos urmat dhateng tiyang sepuh). Inggih bab punika ingkang kita raosaken ing waosan kita dinten punika (“…Pinter banget kowe nyingkirake pepakoning Allah, supaya bisa netepi adat-tata caramu dhewe.”- ayat 9). Prayogi menawi kita tansah enget lan ngugemi bilih ing gesang punika wonten ingkang paling utami ingkang boten elok menawi kita lirwakaken, inggih punika Gusti. (smdjn).

 “Piye bae Gusti iku kang utama.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak