Paweweh Saka Kamurahaning Gusti Pancaran Air Hidup 29 Juni 2021

29 June 2021

Waosan: 2 Korinta 9 : 1 – 5 | Pamuji: KPJ. 165 : 1 – 3
Nats:
“Mulane dakpikir prelu yen sadulur-sadulur iku dakpurih mangkat dhisik, supaya bisa ngurus dhisik paweweh kang wus dadi kasaguhanmu biyen, temahan mengko wus cumawis minangka tandha buktine kamurahaning atimu lan dudu paweweh peksan.” (Ayat 5)

Wonten marupi-rupi motivasi tiyang weweh. Wonten ingkang karana kepeksa. Wonten ingkang karana sungkan kaliyan kancanipun mila lajeng ndherek weweh rame-rame. Wonten ingkang karana kepengin populer, supados kaanggep tiyang loma, langkung-langkung ing jaman pilkada. Para calon bupati, walikota, gubernur sami weweh bantuan, malah ngantos wonten istilah “serangan fajar”. Inggih menika ndungkap dinten H pilihan, rikala bang-bang wetan semburat, tiyang-tiyang sami dhatengi griyanipun pemilih andum arta supados milih calonipun. Dados wonten pamrihipun. Pancen ugi kathah ingkang karana prenthuling manahipun, ingkang mili saking raos syukur, lan ngraosaken kasangsaranipun liyan.

Pasamuan Yerusalem, pasamuan ingkang kawitan karana gesangipun ingkang manunggal, sengkuyung-sinengkuyung, bagi-binagi barang darbe ngantos kados-kados sampun mboten wonten barang darbe pribadi. Sadaya barang darbe kaanggep barang darbenipun tiyang kathah. Saben dinten tetunggilan (Para Rasul 2:42-47), saengga mboten wonten wekdal kangge nyambut damel. Akibatipun pasamuan dados mlarat kesrakat. Mila Paulus kajibah dening para rasul supados nglempakaken dana saking pasamuan-pasamuan sanes kangge biyantu pasamuan ing Yerusalem menika. Rasul Paulus ngaturaken bilih Pasamuan Makedonia ingkang alit, katindhes, sangsara, ananging purun ngaturaken pisungsungipun ingkang ageng (2 Kor 8:2-4). Mila wonten ing waosan kita menika Rasul Paulus ngatag Pasamuan Korinta ingkang saestunipun langkung sugih ing samubarang, puruna nyawisaken dana kangge Pasamuan Yerusalem menika minangka tandha bukti kamirahaning manah, sanes paweweh peksan.

GKJW gadhah sesanti: Patunggilan kang nyawiji, mila warganing pasamuan-pasamuan sa GKJW, saksanesipun nglempakaken pisungsung kangge kabetahanipun peladosaning pasamuanipun piyambak, ugi kangge kabetahanipun sa Majelis Agung miturut kekiyataning piyambak-piyambak, minangka wujuding sengkuyung-sinengkuyung ing patunggilan kang nyawiji. Lumantar pamisungsung kita, langkung-langkung ing dinten riyadin unduh-unduh menika namung mili saking prenthuling manah ingkang kabereg saking lubering raos sokur miwah raos sengkuyung-sinengkuyung sarta bagi-binagi ing peladosan kita sami. Amin. (BRU)

 “Iba binerkahanipun pamisungsung ingkang mili saking prenthuling raos syukur lan kamirahaning manah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak