Dados Pirantinipun Gusti Pancaran Air Hidup 7 Juni 2021

7 June 2021

Waosan:  1 Samuel  16 : 14 – 23 | Pamuji: KPJ.: 1, 2
Nats:
“Kaya mangkono dadine Dawud banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Saul lan didadekake abdine. Sang Prabu tresna banget marang Dawud lan didadekake juru ngampil gegamane.” (Ayat 21)

Pengalaman senaosa prasaja menika minangka wujudipun Gusti makarya tumrap kita. Sinau disiplin wiwit sekolah SD klayan baris berbaris, upacara bendera, lan pramuka minangka wewengan nyawisaken sangu anggen kita diwasa mangke. Tamtu kangge tiyang ingkang nate ndherek kemah Pramuka estu mboten repot menawi piyambakipun nyambut damel kaliyan tiyang sanes ingkang mbetahaken kerja sama tim, utawi kelompok, awit piyambakipun sampun kulina sakderengipun.

Sinau leladi menika ugi kawistara wonten ing gesangipun Dawud. Nalika taksih alit sampun kulina angon wedhus lan pinter musik kecapi, menika dados pirantos anggenipun nyambut damel nalika dipun suwun ing istana raja Saul. Saged sabar kados dene dados pangon, lan guneman ingkang sae lan tinunggil dening Gusti Allah menika ingkang njalari raja Saul kesengsem sanget. (ayat 18, 21). Senaosa mekaten tetep wonten margi ingkang mboten gampil ingkang dipun lampahi Dawud anggenipun jumangkah dados raja Israel.

Para pitados, anggen kita ngudi margining Gusti wonten ing gesang menika kanthi jumangkah sesarengan Gusti estu mboten gampil. Kathah godha lan rencana ing sajroning ndherek Gusti menika. Mila kita kaatag peka, menapa karsanipun Gusti wonten ing kawontenan pandhemi ingkang sampun setahun menika kalampahan? Menapa kita tetep setya lan ngandelaken Gusti? Menapa kita malah lirwa lan wekasanipun sanes kasaenan ingkang kita panggihaken? Sumangga kita ngatag bilih kita sampun pinilih dados umat ingkang kinasihan dening Gusti, ingkang kiyat, tatag, titis lan tanggon minangka pirantosipun Gusti dados kabingahan gesang menika kanthi tetep jumangkah sesarengan lan pitados lan setya tuhu klayan Gusti kita. Amin. (LUV)

 “Aja gumantung karo manungsa, amarga owah kaya angin. Ngandelake marang Gusti Allah, lan ngerti manawa dheweke setya nuruti Sabdane”  (Matthew Hagee)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak